Sabtu, 12 September 2009

FILSAFAT KUPAT LEPET


http://foto.detik.com/images/content/2008/10/07/473/tupate2.jpg

Dening : MUTAQIN *)


Para leluhur Jawa iku, satindak sapecak anggone paring wewarah marang anak putu sarwa pralambang, pasemon, lan mawa simbol. Salah sawijine wateke wong Jawa iku lantip ing panggraita, alus ing suba sita, tata krama, lan solah bawa. Salaku-lakune mesthi digalih kanthi wening ing sajroning pikir dhisik. Ora angger mlaku ‘semau gue’ lan asal tumindak.
Laku pasa lan tapa brata, mungguhing wong Jawa wis dadi sega jangan lan pakulinan. Mesu brata lan laku pasa iku wis dadi peranaganing panguripan tumraping wong Jawa. Nalikane wong Jawa iku duwe pangangkah kang sinedya (cita-cita kang mulya), wong Jawa mesthi nindakake laku. Ana sing nglakoni pasa mutih, pasa ngebleng, lan pasa liyane.
Cundhuk karo lakune wong Jawa iku mau, agama Islam kang duwe ajaran nindakake pasa ing wulan Romadhon, tumrape wong Jawa ora barang kang abot lan angel. Malah cocog lan trep karo pakulinan, adat, lan budaya Jawa.
Ujaring kandha, para wali sanga anggone nyebarake agama Islam ing tanah Jawa kanthi ora ninggalake budaya Jawa. Kanggo ngulang rukun Islam, para wali yasa tembang ”Ilir-ilir”. Ing tembang iku ana gatra sing unine mangkene: Cah angon, cah angon, penekna blimbing kuwi, lunyu-lunyu penekna, kanggo mbasuh dodot ira, .... Saindenging jagad Jawa, sing jenenge blimbing mesthi ana limang lining. Liningan cacah lima ing blimbing iku nggambarake rukun Islam kang cacahe lima. Tembung Kalimat Syahadat, ing jagading pewayangan diwujudake lumantar pusakane Puntadewa kang aran ” Jimat Kalimasada”. Ilat Jawa yen dikongkon muni ”kalimah syahadah” iku kangelan, dadine ”kalimasada”.
Sawise nglakoni pasa sasasi suwene, kanthi rasa seneng lan bungah padha ”ngrayakake hari kemenangan” kang arane bada. Ana sing ngarani bakda utawa lebaran. Ing dina bada iku, saanane wong Jawa malah kepara sa-Indonesia mesthi padha gawe kupat lan lepet.
Apa ta werdine kupat lan lepet tumrape wong Jawa?
Tumrape wong Jawa, kupat lan lepet kang dinikmati ing wektu bada iku mau ora ana liya wujud pralambang lan simbol srawunging manungsa marang Gusti, manungsa marang manungsa liyane. Kupat lan lepet iku anggone gawe ora mung sadrema didang kaya sega kang butuh wektu mung sedhela. Apa maneh saiki ana magig com utawa magig jar. Gawe kupat lan lepet iku dibuntel, ditaleni, digodhog ing kwali utawa dandang kanthi suhu panas kang dhuwur mbutuhake wektu sing suwe banget, saengga kupat lan lepet bisa mateng. Yen nggodhoge mung sedhela utawa ora taneg, kupat lan lepet ora enak rasane lan mesthi kepyar ora lengket. Proses, wujud, lan tegese lepet iku aweh wewarah mangkene:
Sasuwene setaun manungsa nglakoni urip, mesthi tumindak kang becik lan ala. Becik marang Gusti lan manungsa, uga ala marang Gusti lan manungsa. Yen becik mesthi bakal diganjar dening Pangeran. Dene kalakuwane ala, manungsa kudu digodhog ing kawah candradimuka kanggo nglebur dosane marang Gusti sasuwene sesasi nglakoni pasa. Mula kupat lepet iku mau digodhog molak-malik kadi dene kawah candradimuka. Iki mujudake hubungane manungsa karo Pangeran. Hablun minalloh....
Dene wujude kupat lan lepet iku senajan asale saka beras lan saka ketan, sawise digodhog wujude wis ora beras lan ketan maneh. Wis ora ijen-ijen, ora bisa kepyar kaya asale. Beda karo sega utawa ketan dang-dangan ta? Enak ta? Mantep ta? Kok kaya lagune Mbah Surip wae.....Wujud kang kaya ngono iku mau mujudake sawise sesasi pasa manungsa dikongkon ”merenung” marang kaluputane uga marang manungsa sapepadhane supaya tetep lengket anggone paseduluran lan kekancan. Ditaleni kenceng. Iku mujudake kencenging tali silaturohmi. Aja gampang cengkah lan regejegan saengga ”memecah persatuan lan kesatuan”. Kudu ndawakake tali silaturohmi, aja nganti ucul. Mula kupat lan lepet iku lengket, kenyal ora gampang ambyar. Hablun minannas.....
Sing paling wigati mungguhing kupat lan lepet iku ing teges simbule wong Jawa. Yen ngaku dadi wong Jawa kudu duwe watek kaya kupat lepet. Kupat mono kerata basane kula lepat. Dene lepet kerata basane disilep sing rapet. Tembung disilep iku tegese padha karo ditutup utawa dikubur.
Maksude, wong Jawa iku sanajan uripe sarwa samun ing samudana utawa sarwa simbol lan sandi, yen pancen duwe kaluputan kanthi tanggung jawab kudu gelem ngaturake kaluputane lan nyuwun pangapura. Ora tumindak sesongaran, gumedhe, kuminter, kumalungkung, sapa sira sapa ingsun. Ora kena ndelng drajat lan pangkat. Yen pancen luput kudu gelem ngakoni yen luput. Banjur kudu gelem nyuwun pangapura. Samono uga, yen pancen sing salah wis gelem ngakoni salahe llan nyuwun pangapura, sing disuwuni pangapura ya kudu nyepura kaluputane pawongan mau.
Tumrape para pejabat, elinga marang kupat lan lepet. Aja dumeh dadi pejabat terus menang-menangan, tumindak sawenang-wenang marang sapepadha llan rakyate. Panjenengan punika kedah mad sinamadan kaliyan rakyat. Amarga Panjenengan dados pejabat punika amargi dukungan saking rakyat. Sinaosa pejabat, manawi kagungan lepat, sumangga ing dinten ingkang fitri menika sami apura-ingapuranan. Supados situasi ing Rembang menika kondusif. Saged mujudake Rembang Bangkit ingkang Gemah Ripah Loh Jinawi, Tata Tentrem Karta Raharja. Baldatun Thoyyibatun waa Robbun Ghofur.
Mangan kupat jangane sante, menawi lepat nyuwun pangapunten
Minal ’aidin wal faa izin.

Rebo Kliwon, 19 Romadhon 1430 H
Penulis Guru Basa Jawa SMP 2 Gunem

Selengkapnya......

Sabtu, 22 Agustus 2009

SUTASOMA


Dening: Mutaqin


Sutasoma putranipun raja Mahaketu. Panggalihipun suci, bebudenipun luhur, pangibadahipun jangkep. Panjenenganipun boten karsa palakrama, boten karsa kajumenengaken nata, malah mentar saking kadhaton, minggah Redi Himalaya, tuwin tapa, ngudi kasampurnaning gesang.
Nate dipunkereg raseksa asirah liman badhe kamangsa. Nanging danawanipun sor prabawa. Naga galak ingkang sumedya adamel tiwas inggih nungkul. Kekalihipun lajeng sami setya ing panjenenganipun saha aprasetya boten badhe damel pepejah malih dhateng sesamining gesang.
Ing salebeting jurang wonten sima kaliren, badhe mangsa gogoripun. Kamangka kedahipun malah nesepi.
Sutasoma priksa, mandhap, menggak, tuwin paring dhawuh, “He, aja! Aku bae mangsanen !“ Sakala sima nubruk. Sutasoma kacakot jajanipun, kaisep ludiranipun, ngantos tuntas, temahan seda. Sima marem, lajeng nglemprak sasekecanipun.
Dangu-dangu thenger-thenger, emut manawi mentas damel pepejah. Mripatipun kaca-kaca kaliyan mingseg-mingseg nggetuni tumindakipun. Tumunten nglosod ndedagan ing kunarpanipun Sutasoma. Mawantu-wantu panangisipun, mawantu-wantu nawung keduwung, ngantos seseg meh kepedhotan napas.
Bathara Indra tumurun ing marcapada nggesangaken Sutasoma. Sutasoma wilujeng waluya jati, unjuk atur, “Dhuh, Pakulun, punapaa dene amba Paduka gesangaken, jer amba sampun rumaos tentrem manggih kamulyan ing alam sanes. Paduka punika lepat, dene ngungkih kamulyan kula.” Bathara Indra ririh anyauri, “Sumurupa, Kulup, yen sira sira ora Ingsun waluyakake, jeneng tanpa pituwas kabecikanira Amarga si Macan mesthi tanpa kendhat panangis sarta keduwunge. Ora wurung ngenes nganti tumekaning pati. Dene samangsa biyunge mati, gogore tan wurunga iya mati.” Bathara Indra nunten musna.
Sareng kamanah-manah eres, Sutasoma inggih nampi sabda pangandikanipun Bathara Indra.
Sutasoma nglajengaken anggenipun mesu brata, meper, miwah ngikis angkara murka, ngungsed karaharjaning batos, mulung ing kasampurnan adi.
Sasampunipun kasidan ing sedya, kondur angadhaton, tumunten palakrama, saweg karsa jumeneng nata.
Madina Asri, 23 Agustus 2009
Sumber: Sarwa Kusuma
Sudi Yatmana




Selengkapnya......

KOPI KANG …?


Dening : MUTAQIN *)

Sapa sing ora ngerti yen saben pojokan desa lan kampung, sadalan-dalan, lan saenggon-enggon ing tlatah Kabupaten Rembang mono akeh banget tinemu warung kopi. Ana kang awujud cafe sing dijangkepi pramuladi huayu-huayu lan karaoke barang. Lampune pating gelebyar. Ana kang awujud warung kanthi layar maneka warna lan tulisan-tulisan sing edi peni, apa maneh saiki baner mung Rp 14.000 saben meter persegi, uga ana kang mung awujud gedheg reyot bolong kabeh isih nganggo damar uplik kang mung melip-melip ora patiya padhang sorote. Ana ”kopi pas”, ana ”kopi helet”, ana sing nganggo sebutan ”kopi cethot”. Sing kulina munggah gunung ana ”Kopi Mama Mia” lan isih akeh maneh sebutan liyane.
Yen wis mlebu warung kopi, kaya-kaya wis lali sekabehane. Sing tukang mbatu, tukang mbecak, sopir, pegawe negri, pulisi, tentara, bocah sekolah, among tani, dagang, wong mbelah, wong nggunung, kabeh ora ana sing ketinggalan. Lha kok ora lali sekabehane iku piye? Ngopi kok wiwit jam siji awan nganti jam lima sore lagi mulih. Malah terkadhang ana sing wiwit bubar Ngisak nganti tekan jam rolas mbengi. Ana uga sing nganti direwangi nglajo tekan panggonan sing adoh banget karo omahe. Mung apa, kopi sasruputan....?
Nanging iku ya ora kena dipaido ngono wae. Amarga apa? Kanthi sarana ngopi bisa kanggo tamba stres ing ngomah, bisa kanggo srana ketemu karo kanca. Ana uga sing bisa digunakake srana janjian acara bisnis lan liya-liyane. Yen pancen kaya mangkene iki, ngopi iku manfaati banget.
Kanggo kanca ngombe kopi terkadhang cumepak heci utawa piya-piya sing isih anget. Terkadhang ana tela goreng lan pisang goreng utawa endhog godhog barang. Heci utawa piya-piya iku salah siji bahane ana sing saka wortel. Heci utawa piya-piya kok ora nganggo wortel mesthi ora enak rasane. Malah supaya heci iku mau gurih, adonane nganggo dicampuri endhog barang. Mesthi taoge lan kol ora bakal keri.
Saiki apa hubungane wortel, endhog, lan kopi...?
Wortel iku nalika isih mentah rupane oranye apik, dipenyet utawa dicokot atos banget. Diklethak kemriyak. Nanging bareng dijegurake ing banyu panas utawa digodhog, wortel dadi malih rupane, pucet, loyo ora duwe daya kekuwatan apa-apa alias gembuk. Saya suwe anggone nggodhog dadi tambah guembuk.
Yen endhog beda maneh. Endhog iku yen isih mentah gembuk, encer kaya banyu. Diremet gampang pecah lan ambyar, mili nganar-anar. Bareng diwenehi banyu panas utawa digodhog, endhog dadi atos lan alot kenyal. Ora gampang pecah.
Seje wortel, beda endhog. Yen kopi piye ?
Kopi iku rupane ireng, dicekel krasa alus. Rasane....? Ya mesthi pait. Apa tumon kopi rasane legi utawa kecut? Aromane khas kopi. Nanging sawise dijegurake ing banyu panas utawa digodhog, kopi ora ngalami owah-owahan kang manjila. Rupane isih tetep ireng, ya ora dadi prongkolan lan isih tetep alus, rasane iya tetep pait. Aromane ora malih aroma duren utawa aroma cokelat. Ananging irenge kopi, aluse kopi, lan paite kopi yen dijegurake ing banyu panas banjur diwenehi gula dadi wedang kopi sing rasane nikmat kang disenengi dening sadhengah wong.
Para maos, wortel, endhog, lan kopi iku mau mono minangka simbol falsafah panguripane manungsa urip ing pemerintahan, organisasi, lan berayan agung utawa masyarakat.
Manungsa urip ing tengahing bebrayan iku ana sing watake kaya wortel. Sadurunge kumpul karo wong akeh utawa digembleng ing organisasi watake atos, kaku, teguh pendirian. Nanging bareng wis lumebu ing tengahing gemblengan lingkungan lan masyarakat, dadi loyo. Idelaismene ilang tanpa lari. Mung monat-manut wae. Akhire ora dipercaya wong akeh.
Kaya sedulur-sedulur sing padha anggota DPR ika biasane ya kaya wortel iki. Sadurunge dadi DPR janji lan tekade kaya yak-yak’o. ”Saya akan memperjuangkan nasib rakyat kecil. Saya nanti kalo jadi akan begini, begitu.” dan lain sebagainya. Nanging bareng wis lumebu ing sistem, ngerti dhuwit, lali rakyat sing ndhukung. Gak eling janjine sing jare arep merjuwangake rakyat cilik. Mana janjimu? ( Rakyate nagih )
Sing kaya endhog iya ana, awale ketok lemes klular-klulur kaya tuma kathok. Nanging bareng wis digodhog lingkungan lan masyarakat, dadi wong sing keras, idealismeni dhuwur, malah kepara dadi wong sing kaku lan atos atine. Saengga malah ditolak masyarakat. Ora disenengi wong akeh.
Kaya sing padha dadi teroris ika apa ya ora kaya endhog iki. Imam Samodra lan kanca-kancane iku rak ya ora nyanani ta yen dadi teroris? Sing asale bocah meneng ora duwe watak brutal, bareng digembleng dadi duwe watak pendendam, pembunuh tanpa ngelingi rasa kamungsan.
Yen sing kaya kopi, watak asline ora ilang. Sing idealis isih ajeg idealise, nanging bisa menyesuaikan diri karo lingkungane. Ora banjur nentang kahanan kanthi frontal. Dene sing meneng, kalem lan lemes kanthi cara kang ngati-ati anggone srawung uga bisa ditampa komunitas lan masyarakate. Manungsa ngene iki kang diarani bisa manjing ajur ajer. Bisa maca situasi, kondisi, lan toleransi. Saenggon-enggon disenengi dening sadhengah wong. Ing ngendi-endi degoleki dening asanes merga nengsemake lan narik kawigaten.
Cekake,... yen seneng ngopi, ayo ditlesih makna sing positif saka wujud lan rasane kopi. Aja mung dijupuk negative thok.
Sugeng ngunjuk kopi, Kang .....!


Madina Asri
Wiwitaning Wulan Pasa 1430 H
Jam sanga esuk

Panulis *) : Guru Basa Jawa SMP 2 Gunem
http://demangwaru.blogspot.com

Selengkapnya......

Sabtu, 23 Mei 2009

Enthik-enthik


( Dening : Mutaqin *)

P o c u n g

Enthik-enthik patenana si Panunggul!
Gek salahe apa?
Salahe ngungkul-ungkuli.
Dhi aja Dhi sedulur tuwa malati!

Para maos mbok menawa isih kelingan tembang ing dhuwur. Iku mau tembange simbok kanggo nguri-uri aku nalika arep mapan turu. Simbokku pancen kalebu ewone wong sing pinter crita lan nembang. Saben arep turu, karo ngisik-isik geger, simbok mesthi crita sinambi rengeng-rengeng nembang sekecandhake.
Nalika simbok nembangake tembang ing dhuwur nerangake isine. Dene sing dadi isine tembang mau nggambarake regejegane driji sing padha padudon ora rukun.
Driji panuduh (Ind: telunjuk) iku serik sebab dhuwure diungkul-ungkuli karo driji tengah utawa panunggul. Kegawa rasa serike iku mau, panuduh ngakon marang jenthik supaya gelem mateni panunggul. Jentik sing ora rumangsa duwe masalah apa-apa marang panunggul banjur takon, panunggul kok kudu dipateni salah lan dosane apa? Pitakon iku diwangsuli dening driji manis,
sing ngandhakake yen salah lan dosane panunggul yaiku amarga dhuwure ngungkul dhuwure driji panuduh lan driji manis.
O,... jebule sing serik karo panunggul ora mung panuduh thok, nanging kalebu driji manis iya mangkel amarga dhuwure diungkul-ungkuli. Nalika driji manis aweh wangsulan marang jentik, omongane si manis dirungu dening jempol. Sanajan kasunyatane jempol dhuwure uga kungkulan dening panunggul, nanging jempol ora serik, ora mangkel, ora lara ati. Kabeh iku mau wid dikodratake dening Gusti Kang Maha Kuwasa. Jempol malah ngelikake marang jentik, supaya ora gelem nuruti panjaluke panuduh lan driji manis supaya mateni panunggul. Apa maneh kok mateni, milara wae marang sedulur iku ora kena. Sedulur tuwa misan.....! Bakal kuwalat....
Ngendikane simbok, kuwalat iku kaya jambu mete. Sirahe ing ngisor. Tegese uripe bisa sengsara salawase.
Jempol ora mung ngelingake nanging uga ajak-ajak supaya karo sedulur iku sing padha rukun. Aja padha dredah lan tukar padu! Amarga dielingake dening jempol, wusanane driji lima ora padha padudon lan ora tukaran maneh. Malah rukun mad-sinamadan mangun bebrayan kang utama.
Yen para maos kersa ngematake tembang ing dhuwur, sejatine gambaran kahanane manungsa ing ngalam donya. Ing budaya Jawa iku, tuwa enom mono nglungguhi jejere dhewe-dhewe. Jejering wong tuwa iku nuwasi-malati. Tegese, wong sing enom kudu ngajeni lan ngurmati marang sing tuwa. Yen ora gelem bakal kuwalat, rekasa uripe. Wong tuwa iku ora kena dicecamah, diisin-isinake apa maneh diwirang-wirangake. Kosok baline, sing tuwa ora kena sawiyah-wiyah, gampang ngumbar hawa nepsu, kumalungkung, kumawasa. Malah becike sing tuwa paring wewarah, ngelingake, ajak-ajak sing becik, paring tuntunan marang sing enom. Supaya sing enom bisa ngayahi panguripan kanthi trep lan lempeng mlakune. Becike, antarane sing tuwa lan sing enom padha makarya bebarengan menawa ana samubarang sing ora bener padha dielingake. Kaya lakune jempol kang paring wewarah marang jenthik.
Falsafah driji iku mau bisa dicakake ing ndalem ngasta pusaraning praja tumrape para nayakane praja utawa panguwasa. Ing lembaga DPR anggotane saka pirang-pirang partai. Ana partai kang onjo dhewe suwarane amarga partai pemenang pemilu. Ana partai sing sedheng, lan ana partai sing mung partisipan wae. Sing pemenang pemilu ora kena kumawasa banjur sawenang-wenang ngatur negara. Sing liyane kudu wani ngelingake yen pancen ana penyimpangan lan kesalahan. Aja egois merjuwangake kelompoke dhewe.
Samono uga ing tlatah Kabupaten Rembang. Kanggo mujudake ”Program Empat Pilar” kudu disengkuyung dening kabeh komponen. Maksude, ”Bersama Kita Bisa” ngono lho...!
Aja senengane mung ngritik sing tanpa dhasar lan nggolek menange dhewe lan manas-manasi! Ngritike kudu kritik sing tumuju marang kabecikan. Yen pancen asile peprentahan apik lan tumata, ya kudu lega lila aweh sanjungan lan dukungan. Yen kakehan ngritik sing tanpa dhasar bisa kuwalat, lho....!
Cukup semene dhisik critane simbok. Aja wani karo sedulur tuwa….! Mundhak kuwalat….!
Tunggu crita sing liyane…!


Madina Asri
Wiwitaning Wulan Mei 2009
Jam 11 mbengi

Panulis *) : Guru Basa Jawa SMP Tegaldowo
http://demangwaru.blogspot.com/


Selengkapnya......

Kamis, 30 April 2009

D l a m a k a n

( Sing Nulis : MUTAQIN *)


Wong yen nembe ngadeg, mesthi wae mbutuhake dlamakan. Dlamakan iku perangane awak kang paling ngisor dhewe. Sirah sarambute manggon ing dhuwur dhewe kasusul gulu banjur dhadha ing ngisore. Weteng, bokong, pupu, lan sikil saya mangisor. Ing sikil iku ana kentol, gares, kemiren, lan dlamakan uga ora keri.
Kanthi dlamakan manungsa bisa ngadeg kanthi jejeg, mlaku kanthi kepenak, bisa nindakake pakaryan lan aktivitas kanthi sampurna. Saupamane wae, nuju sawijining hari dlamakan kena eri utawa tlusupen, mesthi wae manungsa bakal ngrasakake rasa kang ora kepenak. Mlakune pincang, ngadege mesthi ora bisa jejeg.
Nanging kasunyatane dlamakan mono
ora patiya oleh kawigaten utawa perhatian karo manungsa dhewe kang nduweni. Malah terkadhang perlakuwane manugsa uga beda marang dlamakan katandhing karo perangane awak liyane. Upamane jantung, paru, ginjel, lan liya-liyane.
Yen manungsa priksa menyang dhokter, didhiagnosis kena penyakit jantung utawa paru, mesthi bingung setengah mati. Enggal-enggal golek dhokter spesialis lan ngrancang milih rumah sakit sing bounafite kanggo mertamba. Nanging yen sing oleh giliran lara iku dlamakane mesthi dianggep sepele, entheng, ora bakal golek dhokter spesialis. Lha, pancene ya durung ana dhokter spesialis dlamakan.
Nanging bakal beda rikala pemain sepak bola utawa pelari arep ngayahi jejibahan main ing pertandhingan utawa perlombaan. Dlamakan bakal oleh kawigaten kang mirunggan. Apa ya bisa nglirwakake dlamakan? Pemain sepak bola ngendi sing bisa tandhing tanpa dlamakan? Pelari sapa sing bisa lomba tanpa nganggo dlamakan? Nuju ngene iki, manungsa lagi sadhar yen dlamakan uga kalebu perangane awak kang penting sanajan manggone ing ngisor dhewe lan yen ana telek sing gandane ora enak, mesthi wae dlamakan sing kena luwih dhisik.
Sedulur para maos, kahanan kang kaya mangkono mau ora beda adoh karo kahanane bangsane awake dhewe, bangsa Indhonesia tercinta kang lagi wae nindaki pemilu legeslatif wulan April kepungkur lan bakal ngadhepi pemilu presidhen ing wulan Juli kang bakal klakon.
Nasibe wong cilik utawa rakyat jelata ora beda karo nasibe dlamakan. Wong cilik iki manggone ing ngisor, ora duwe jabatan babar blas. Nanging yen tekan titi wancine bakal dadi rebutan. Suarane wong cilik gedhe banget guna lan paedahe tumrap para calon-calon legeslatif lan calon-calon presidhen.
Para pemain lan pesrta lomba peserta pemilu, cepet-cepetan, banter-banteran ngoyak suarane rakyat. Kanggo mbujuk lan ngrayu rakyat, maneka cara lan rekadaya supaya para rakyat mau aweh panyengkuyung utawa dukungan marang para calon-calon mau. Ana sing nganti entek yutan nganti tekan milyaran malah ana sing nganti triliyunan barang kanggo ngusahani murih kasembadan sedyane dadi wakil rakyat.
Nanging kasunyatan, sawise para pemain lan peserta lomba mau wis padha menang lang oleh kedhudhukan akeh kang lali marang ”dlamakan” kang kanggo nggayuh jabatane mau. Nasibe dlamakan bakal mbalik maneh kaya asal mulane. Sing bakul wedang kopi mbalik buka warung dodol wedang kopi. Sing tukang kuli bangunan mbalik maneh ngudheg pasir lan semen nggawekake gedhong marang calon sing dadi. Rakyat, tetep rakyat. Rekasa uripe tansah kecingkrangan kanggo mangan.
Sawetara sing dadi pejabat uripe sarwa mubra-mubru, plesir menyang manca negara saben minggu. Studi banding mampir ing Honolulu. Aggarane, penggelembungan dana kang dituju. Lha, konangan korupsi diukum limolas taun lagi metu. Ora bisa ngguyu, ta?
Ndeleng kahanan kang kaya mangkono, dlamakan protes kepengin dadi perangan awak liyane. Tangan, pundhak, lan yen perlu kepengin dadi sirah misan. Kepengin manggon ing dhuwur supaya kepenak lan digatekake. Amarga dlamakan sadhar tenan yen isih tetep dadi dlamakan ora bakal bisa ngowahi nasibe. Tetep rekasa, bakal disingkirake yen wis ora dibutuhake.
Nanging elinge para maos, yen awake dhewe iki wong sing wicaksana, sing jenenge dlamakan iku perangane awak kang suci lan konsisten banget. Wong Jawa sing kulite sawo mateng, dlamakane putih. Wong Cina lan Jepang sing kulite kuning, dlamakane iya putih. Wong Landa sing kulite putih, dlamakane ya padha karo wong Jawa lan wong Cina. Lha wong negro sing kulite huireng kae, dlamakane apa iya ireng? Hora.... dlamakane wong negro iya tetep putih.
Dadi cekaking cinarita, dlamakan mono pralambang saka Pengeran kalebu perangane awak kang suci ora gampang malih warna. Iku mratandhani yen mung rakyat jelata utawa wong cilik kang nduweni watak konsisten ing ndalem nindaki panguripan ing bebrayan utawa masyarakat berbangsa dan bernegara. Leres menapa mboten? Sumangga kersa.

Lasem, pungkasaning wulan April 2009 jam 11 mbengi
Panulis*): Guru Basa Jawa SMP Tegaldowo




Selengkapnya......

Minggu, 19 April 2009

Seminar Inovasi Pasinaon Basa lan Sastra Jawa ing Sekolahan


Kanggo ngundhakake kompetensi guru, MGMP Bahasa Jawa SMP Kabupaten Rembang nganakake "Seminar Inovasi Pasinaon Basa lan Sastra Jawa ing Sekolahan" rikala tanggal 18 Februari 2009. Ing seminar iku kang paring seserepan yaiku Drs. Agus Yuwono, M.Si, M.Pd. ( Kajur Bahasa Jawa Unnes Semarang ) bab PTK, Dra. Rini Rusmiasih, M.Pd. ( guru Basa Jawi ing SMP 39 Semarang ) bab Inovasi Pasinaon, lan Sucipto Hadi Purnomo, M.Pd. ( Dosen Basa Jawa Unnes Semarang ) bab Pamulangan sastra ing kelas.







Selengkapnya......

Sabtu, 18 April 2009

Mrs. Trudy dolan ing sekolahane Ki Demang

Ki Demang ditekani kancane saka negara Landa, aran Mrs. Trudy sakancane cacah papat. Mrs. Trudy mratinjo sekolahane Ki Demang ing SMP 2 Gunem Kabupaten Rembang nalika dina Selasa tanggal 14 April 2009.
Rawuhe Mrs. Trudy kasambut mawa beksan Gambyong kang kaparagani dening para siswa SMP 2 Gunem. Bareng ngerti Beksan Gmabyong, Mrs. Trudy eram banget. Tansah ngguyu mesam-mesem.
Mrs. Trudy anggone teka ing SMP 2 Gunem sejatine minangka "Ibu Asuh" tumrap murid kelas VIII C SMP 2 Gunem kang namane Yuti lumantar Plan.












Selengkapnya......

Selasa, 03 Maret 2009

PITUTUR


IKI PUTRANE KI DEMANG

1. Yen kowe ora bisa nglakoni panggawe becik, mbudidaya nyingkirake panggawe ala.
2. Wong berbudi ora pati ngopeni dhuwit, nanging yen ora duwe dhuwit mesthi butuh.
3. Yen ana wong ora dhemen ing kowe, nanging manis pitembungane, walesen ing tembung manis, nanging aja kokpracaya.
4. Yen kowe resik, aja susah atimu ditarka nglakoni kaluputan, umpamakna bae kowe bagas-kuwarasan diarani lara.
5. Kawruh kang mung kasimpen wae iku umpamane mawa kapendhem ing awu, sirnane tanpa pakolih.
6. Mung manungsa kaparingan panguwasa bisa gumuyu, mula iya manungsa kang layak digeguyu.
7. Di bisa nyirnakake rudatinmu, awit yen ora, iku bisa ngrusakake budi lan awak.
8. Di loma nanging aja ngebreh.
9. Aja nyatur alaning wong kang pinuju ora ana.

10. Ati seneng lan mursid iku pepethinganing amal ing alam donya.
11. Banyu kang mambeg, manungsa yen nganggur bae, wesi yen dienengake bae, telung prakara iku ora becik dadine.
12. Yen kowe weweh tulisen ing lemah, yen kowe diwewehi tulisen ing atimu.
13. Sing sapa ngraketi mitra anyar ngedohi mitra lawas, iku prasasat ngurubake woh-wohan oleh kembang.
14. Wong kang sinebut prawira punjul dhewe iku mung wong kang saben-saben bisa nelukake atine dhewe.
15. Yen kowe tinitah dadi wong gedhe, aja mlaku nganggo egrang mbokmenawa ditunjang ing wong cilik.




Selengkapnya......

Sabtu, 28 Februari 2009

Ki Demang Sinengkakake ing Ngaluhur


Dina Setu Paing Surya kaping 28 Februari 2009 ing Pendopo Kabupaten Rembang, minangka dina kang "bersejarah" munggwing Ki Demang Waru. Amarga ing dina iku Ki Demang Waru tampa Layang Kekancingan ( beslit = Surat Keputusan ) saka Bupati Rembang H. Moch. Salim. Ki Demang sinengkakake ing ngaluhur minangka Mantri Guru ( Kepala Sekolah ) ing SMP 2 Gunem Kabupaten Rembang.
Sadurunge Ki Demang tampa Layang Kekancingan mau, luwih dhisik dianakake pendadaran kang dianakake dening Pemda Rembang. Dene kang ndadar yaiku LPMP Jawa Tengah. Sing melu pendadaran mau para dwija cacah 37 minangka duta saka SMP-SMP ing laladan Kabupaten Rembang.

Rampung pandadaran banjur ditliti asile mawa piranti kang canggih nama komputer, pranyata kang lulus kanthi biji B dwija cacah enem. MUTAQIN ( Ki Demang ) minangka rangking siji duta saka SMP 2 Pamotan, kasusul dening HERMIN P.A. duta saka SMP 1 Lasem kang ana ing rangking loro, dene rangking telune BUDI SUPIYANTO utusan saka SMP 1 Lasem. Sing ana ing rangking papat yaiku HERIYANTO minangka duta saka SMP 1 Bulu. Kaping limane HARJANTO uga duta saka SMP 1 Lasem. Kang mapan ing rangking enem yaiku AGUNG SUNARYO duta saka SMP 1 Rembang.
Ananging para dwija kang lulus cacah enem mau ora kabeh bisa tampa Layang Kekancingan bareng Ki Demang Waru. Amarga, pancen "formasi" kepala SMP kang ana nembe siji. Mula kang sinengkake ing ngaluhur nembe Ki Demang Waru. Dene kang lima isih nunggu "formasi" sing arep teka.
Kanthi mlebune Ki Demang Waru ngisi "formasi" kepala sekolah, banjur ana "rotasi" tumrape para kepala SMP ing Kabupaten Rembang. Dene kang di"rotasi" ana priyayi cacah lima. PUJIONO kang asale kepala SMP 5 Rembang mutasi ing SMP 2 Rembang. H. MOCH. ANSHORI kang maune kepala SMP 1 Kragan mutasi ing SMP 5 Rembang. SMP 1 Kragan diisi dening BUDIMAN saka SMP 1 Pamotan. H. SUPRIYANTO kang asale saka SMP 1 Gunem geser ing SMP 1 Pamotan. SMP 1 Gunem diisi dening MUZAMIL saka SMP 2 Gunem. Lhaaaa.... SMP 2 Gunem dileboni MUTAQIN (Ki Demang Waru) ara dwija kang wis lulus saka pandadaran kang kaleksanakake dening LPMP Jawa Tengah rikala surya kaping 10 lan 11 Desember warsa 2008 wonten ing Aula SMA 2 Rembang Jawa Tengah.
Saliyane para kepala SMP, Bupati H. Moch. Salim uga nyumpah lan nglantik para pejabat Eselon III sarta IV, kepala SMA, Kepala SD, TK, Pengawas TK/SD, lan Penilik Luar Sekolah. Kabeh kang disumpah lan dilantik gunggunge ana cacah 269 pejabat struktural lan fungsional.
Ing acara sumpah lan pelantikan pejabat struktural lan fungsional Pemda Rembang iku mau, Bupati Rembang H. Moch. Salim pesen marang para pejabat kang dilantik, yen jabatan mono dudu samubarang kang kena diunggul-unggulake. Jabatan iku minangka amanat kang kudu diayahi kanthi rasa tanggung jawab kang luhur marang awake dhewe, masyarakat, bangsa lan negara sarta Gusti Kang Maha Kuwasa.Supaya tumemen anggone padha ngayahi pakaryan kanggo njunjung lan nyengkuyung program empat pilar utama Kabupaten Rembang.


Selengkapnya......

Kamis, 26 Februari 2009

Keris Jawa V.2












Selengkapnya......

Kompetensi Guru Bahasa Jawa

Oleh : Mutaqin *)


PENGERTIAN KOMPETENSI
Kompetensi adalah seperangkat tindakan cerdas, penuh tanggung jawab yang dimiliki oleh seseorang sebagai syarat untuk dianggap mampu oleh masyarakat dalam melaksanakan tugas dalam bidang tertentu.

CIRI-CIRI KOMPETENSI
1. memiliki focus dan konteks, yaitu berupa kehidupan nyata dalam berbagai peranan;
2. dibentuk melalui integrasi dan aplikasi yang kompleks dari berbagai kemampuan;
3. integrasi dan aplikasi harus merefleksikan pengetahuan, keterampilan, dan sikap serta nilai secara berimbang;
4. kompetensi ditandai dengan kinerja bukan hanya penguasaan pengetahuan, sikap dan nilai serta keterampilan saja.

KOMPETENSI GURU BAHASA JAWA
1. Memiliki latar belakang pendidikan keguruan Bahasa Jawa;
2. Performance selalu edukatif;
3. Mahir berbahasa Jawa.
KEMAHIRAN BERBAHASA JAWA
1. mampu berkomunikasi baik secara lisan maupun tulis (menyimak, berbicara, membaca, dan menulis);
2. menguasai paramasastra bahasa Jawa;
3. menguasai undha-usuk basa Jawa;
4. menguasai ejaan bahasa Jawa;
5. mengetahui kesantunan berbahasa.

Penilis *) : Guru Bahasa Jawa SMP Negeri 2 Pamotan Kab. Rembang

Selengkapnya......

Selasa, 24 Februari 2009

Keris Jawa

Download gambar keris gratis!!!!!!








Selengkapnya......

Senin, 23 Februari 2009

Gambar Wayang

Download gambar wayang di sini!!!!!!!!









Selengkapnya......

Minggu, 22 Februari 2009

Intisari Jangka Jayabaya

INTISARI JANGKA JAYABAYA

Intisarine Ramalan Utawa Jangka Jayabaya bisa kapilah dadi 56, yaiku :

1. Besuk yen wis ana kreta mlaku tanpa jaran. Tanah Jawa kalungan wesi, prau mlaku ing dhuwur awing-awang. Kali ilang kedhunge, pasar ilang kumandhange; iku tandha yen tekane jaman Jayabaya wis cedhak.
2. Bumi saya suwe saya mengkeret, sekilan bumi dipajeki. Jaran doyan sambel. Wong wadon nganggo pakaian lanang. Iku tandhane yen wong nemoni wolak-walike jaman.
3. Akeh janji ora ditepati, akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe.
4. Manungsa padha seneng nyalah, ora ngindhahake Hukum Allah. Barang jahat diangkat-angkat, barang suci dibenci.
5. Akeh manungsa mung ngatamakake dhuwit lali kamanungsan, lali kabecikan, lali sanak lali kadang.
6. Akeh bapa lali anak, akeh anak wani nglawan ibu nantang bapa. Sadulur padha nyidra menyidra, kulawarga padha curiga mencurigai, kanca dadi mungsuh, akeh manungsa lali asale.
7. Ukuman Ratu ora adil, akeh pangkat jahat lan jail, akeh kelakuan sing ganjil. Akeh wong apik-apik padha kepencil.
8. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin, luwih utama ngapusi. Wegah nyambut kepingin urip mewah, ngumbar napsu angkara murka, nggedhekake duraka.
9. Wong bener thenger-thenger. Wong salah bungah-bungah. Wong apik ditam[ik-tampik. Wong jahat munggah pangkat.
10. Wong agung kesinggung. Wong ala kepuja.
11. Wong wadon ilang kewirangane. Wong lanang ilang kaprawirane.
12. Akeh wong lanang ora duwe bojo, akeh wong wadon ora setya marang bojone. Akeh ibu padha ngedol anake, akeh wong wadon ngedol awake. Akeh wong ijol bojo.
13. Wong wadon nunggang jaran, wong lanang linggih dhingklik.
14. Randha sauwang loro, prawan saega lima, dhudha pincang payu sangang uwang.
15. Akeh wong ngedol ngelmu, akeh wong ngaku-ngaku, njabane putih njerone dhadhu. Ngakune suci nanging palsu. Akeh bujuk akeh lojo.
16. Akeh udan salah mangsa, akeh prawan tuwa. Akeh randha nglairake anak, akeh jabnag bayi lair nggoleki bapake.
17. Akeh sing nentang agama, prikamanungsan saya ilang. Omah suci dibenci, omah ala saya dipuja. Wong wadon lacur ing ngendi-endi.
18. Akeh laknat akeh pengkhianat. Akeh anak mangan bapak, sadulur mangan sadulur. Kanca dadi mungsuh. Guru disatru. Tangga padha curigmencuriga. Kana-kene saya angkara murka.
19. Sing weruh kabubuhan, sing ora weruh katutuh.
20. Besuk yen ana peperangan teka wetan, kulon, kidul lan elor, akeh wong becik padha sengsara. Wong jahat saya seneng.
21. Wektu iku akeh dhandhangang diunekake kuntul, wong salah dianggep bener. Pengkhianat saya nikmat. Durjana saya sempurna, wong jahat munggah pangkat, wong lugu keblenggu.
22. Sing curang garang, sing jujur kojur. Pedagang akeh sing keplanggrang, wong main akeh sing dadi.
23. Akeh barang haram, wong wadon nglamar wong langang, wong lanang ngasorake drajat.
24. Akeh barang-barnag mlebu luwang, akeh wong kaliren lan wuda.
25. Wong tuku nglnik sing dodol, sing dodol akal-okol.
26. Wong golek pangan kaya gabeh diinteri. Sing kebat kliwat, sing telat sambat. Sing gedhe kesasar, sing cilik kepleset. Sing anggak ketunggak, sing wedi mati. Sing nekat mbrekat, sing jirih ketindhih. Sing ngawur makmur, sing ngati-ngati ngrintih, sing ngedan keduman, sing waras gagas. Wong tani ditaleni, wong dora ura-ura.
27. Ratu ora netepi janji, musna kekuwasakane.
28. Bupati dadi rakyat, wong cilik dadi priyayi, sing mendek\le dadi gedhe, sing jujur kojur.
29. Akeh omah ing dhuwur jaran, wong mangan wong. Anak lali bapa, wong tuwa lali tuwane.
30. Pedagnag adol barange saya laris, bandhane saya lidhis. Akeh wong mati kaliren, ing sisihe pangan. Akeh wong nyekel bandha, nanging uripe sangsara.
31. Sing edan bisa dandan, sing bengkong bisa nggalang gedhong. Wong waras lan adil, uripe nggrantes lan kepencil.
32. Ana peperangan ing njero timbul, amarga para pangkat akeh sing padha salah paham. Durjana saya ngambra-ambra, penjahat saya tambah, wong apik saya sangsara.
33. Akeh wong mati jalaran saka peperangan, kebingungan lan kobongan. Wong bener saya thenger-thenger, wong salah saya bungah-bungah. Akeh bandha musna ora karuwan parane. Akeh wong lan drajat padha minggat ora karuwan sebabe.
34. Akeh barang-barang haram. Akeh bocah haram. Bejane sing lali, bejane sing eling. Nanging sauntung-untunge sing lali, isih untung sing eling lan waspada.
35. Angkara murka saya ndadi, kana kene saya bingung, akeh wong sing kebiluk melu curang. Pedagang akeh alangane, akeh buruh nantang juragan, juragan dadi umpan.
36. Sing swarane seru oleh pengaruh. Wong pinter diinger-inger ingkang lajeng malih tingal. Wong ala diuja. Wong ngerti mangan ati.
37. Bandha dadi memala, pangkat dadi pemikat.
38. Sing sawenang-wenang rumansgsa menang, sing ngalah rumangsa kabeh salah.
39. Ana bupati sing asor imane, patihe kepla judhi. Wong sing atine suci saya dibenci, wong sing jahat lan pinter njilat saya oleh drajat. Pemerasan saya ndadra, maling lungguh wetenge mblendhuk.
40. Pitik angrem sadhuwure pikulan.
41. Maling wani nantang sing duwe omah. Begal padha ndugal, rampok padha keplok-keplok. Wong momong mitenah sing diemong. Wong jaga nyolong sing dijaga. Wong njamin njaluk dijamin.
42. Akeh wong mendem donga.Kana kene rebutan unggul. Angkara murka anggedhekake duraka. Ukum agama dilanggar, prikamanungsan diiles-iles, kesopanan ditinggal, akeh wong edan, jahat lan kelangan budi akal.
43. Wong cilik snig kepencil, amarga dadi korbane sing jail.
44. Banjur ana ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit, negarane ambane saprowolon. Tukang mangan usap saya ndadra, wong jahat ditampa, wong sici dibenci. Timah dianggep perak, emas diarani tembaga. Dhandhang dikandhakake kuntul, wong dosa sentosa. Wong becik dikicik, maling dilepas, sing kelangan disalahake.
45. Wong nganggur kepungkur, wong sregep krungkep. Wong nyengit kasengit, buruh ngeluh.
46. Wong sugih krasa wedi, wong wedi dadi priyayi, senenge wong jahat, susahe wong becik.
47. Akeh wong dakwa dinakwa, tindake manungsa saya kuciwa.
48. Ratu karo ratu rembugan, negara endi kang dipilih lan disenengi.
49. Hore, hore! Wong Jawa kari separo, Landa, China kari sajodho.
50. Akeh wong ijr, akeh wong cethil, sing eman ora keduman, sing keduman ora eman. Akeh wong mbambung akeh wong limbung. Akeh wong omah-omah padha bubrah.
51. Selot-selote besuk wolak-walike jaman teka. Bala Sirrullah rawuhe datan kanyana-nyana, tumpes tapis wong sing padha mukir agama.
52. Wong nylih mbalekake, wong utang nyaur.
53. Utang jiwa nyaur jiwa, utang wiring nyaur wiring. Sing suci bakal dadi wiji, sing ora suci bakal dadi siti.
54. Wong curang keplanggrang, wong jail ndrekikil. Durjana musna. Pengkhianat dipangan laknat. Sing dosa rekasa, sing salah nemoni susah.
55. Akeh wong dicokot lemut mati, dicokot semut mati. Akeh swara aneh sing undang-undang sapa sing dosa. Akeh wong dadi edan, akeh wong musna lan akeh wong sing dadi rudin amargakakehan suap.
56.Tukang tadhah padha susah, wong kendel padha kepetel, wong nganggur
padha kebanjur. Wektu iku nyata dadi untunge wong sing waspada.

Selengkapnya......

Jumat, 20 Februari 2009

S K B M

P O C U N G

( DENING : MUTAQIN )

SKBM wajib kaudi satuhu,
Minangka pancadan,
Kanggo mbiji putra putri,
Patang aspek ngisor iki kang tetela.

Urgensi lan kompleksitas, daya dukung,
Iku telung warna,
Kapate trus ngisor iki,
Intake siswa minangka aspek pungkasan.

Urgensi uga esensial sinebut,
Penting tegesira,
Siswa bisa nguwasani,
Sambung rapet marang pamulangan liya.

Kompleksitas kesulitan myang materi,
Daya dukung srana,
Intake siswa kang ndhasari,
Kemampuan dhasar tumrap para siswa.

Komponen yang terkait dalam penentuan standar ketuntasan belajar minimal untuk masing-masing indicator adalah:

Urgensi
Seberapa penting meteri tersebut harus dikuasai siswa, peretimbangannya antara lain:materi tersebut merupakan pengertian dasar, selalu digunakan untuk mempelajari materi berikutnya atau dapat digunakan pada mata pelajaran lain, apakah mempunyai nilai terapan yang tinggi, dan lain-lain. Semakin urgen suatu materi semakin besar nilainya.

Kompleksitas
Seberapa sulit materi tersebut dipelajari, hal ini berkaitan dengan tingkat kesulitan materi. Untuk menentukan tingkat kesulitan kita dapat mendiskusikan dengan teman guru se mata pelajaran atau membandingkan dengan dengan materi ajar lain yang sedang dipelajari siswa. Semakin sulit materi tersebut semakin rendah nilainya.

Daya Dukung Pembelajaran
Seberapa banyak daya dukung pembelajaran yang digunakan untuk mempelajari materi ajar. Misalnya buku-buku pelajaran, alat tulis, alat peraga, model , alat praktik, OHP, LCD dll. Daya dukung tersebut termasuk kemampuan guru dalam proses pembelajaran. Semakin lengkap daya dukung pembelajarannya maka nilainya semakin tinggi.

Intake Siswa
Intake siswa adalah kemampuan siswa dalam mempelajari materi. Hal ini dapat digunakan “nilai” yang dimiliki siswa tersebut, misalnya nilai kelas VII bagi siswa kelas VIII, atau nilai SD untuk siswa kelas VIIatau (bila perlu) guru mengadakan , IQ tes misalnya.



Selengkapnya......

Dewi Sri

( Dening : Mutaqin )

Sang Prabu Mahapunggung ing Purwacrita kagungan putra peparab Raden Sadana. Rikala semana Raden Sadana wis dhewasa mula didawuhi krama dening ingkang rama, nangingRaden Sadana puguh ora kersa, ndedekake dukane ingkang Rama, wekasane ditudhung, lolos saka praja.
Kocapa ingkang mbakyu yaiku Dewi Sri banget welas marang ingkang rayi. Sapungkure ingkang rayi sungkawa banget, ora dhahar, ora sare. Saking judheking panggalih, nuju sawijining bengi Dewi Sri lolos saka kedhaton nglacak tindake ingkang rayi. Tindhake kalunta-lunta, nusup ngayam alas, munggah gunung tumurun jurang, njajah desa milang kori. Bebayaning dalan apa dene rekaosing sarira ora diraosake, kang kaesthi mung siji yaiku ingkang rayi Raden Sadana.
Mbarengi anane lelakon iku ing alas Roban ana ratu buta jejuluk Prabu Pulaswa. Prabu Pulaswa kasmaran karo Dewi Sri, mula banjur utusan ditya Kalandaru ngodhol tindake Dewi Sri. Tindake Dewi Sri tansah mompar-mampir menyang omah-omahe wong tani ing pedesaan perlu paring piwulang laku-lakune among tani. Wong-wong tani kang dirawuhi DewiSri padha tresna asih saben arep ditinggal padha susah, padha nangis. Kocapa, ditya Kalandaru saben wis cedak karodesa singdiampiri Dewi Sri, marga sarat utawa sajen warna-warna umpamane sajen gecok mentah lan sapanunggalane dadi ketungkul mangan sajen mau utawa dadi bingung lali marang Dewi Sri, eling-eling bareng Dewi Sri wis adoh.
Dene sing ndherekake saparan tindake Dewi Sri yaiku Ken Patani ing Medhangwangi, marga saka jenenge Ken Patani iki ing senthong tengah kanggo wadhah sajen katur Dewi Sri katelah nganti saprene diarani patanen, lan lumrahe ora dituroni. Dene wong-wong kang padha mbangun miturut ngestokake dhawuh pituduhe Dewi Sri diarani wong tani.
Buyut Wangkeng tetuwane wong-wong ing pedesankang diampiri Dewi Sri mau ora kendhat tansah lumawan lan ngalang-ngalangi lakune ditya Kalandaru, nganti wekasane Dewi Sri slamet saged kepanggih karo ingkang rayi Raden Sadana ana ing desa Medhanggowong. Sabanjure Raden Sadana bisa ngentasi gawe, mbalekake kurdhane ditya Kalandaru sawadyabalane sarana dipanah angin. Sasirnane para buta, Dewi Sri lan Raden Sadana nerusake anggone paring piwulang lan pituduh warna-warna marang wong-wong desa prakara ulah tetanen. Ingkang rama bola-bali utusan nimbali ingkang putra supaya kondur menyang praja, nanging sakarone meksa puguh ora kersa kondur. Kang mengkono iku ndadekake dukane ingkang rama, wekasan Dewi Sri disotakke dadi ula sawa, dene Radan Sadana disotakke dadi manuk sriti. Suwe-suwe sakarone oleh kawelasaning dewa bisa ruwat dadi widadara lan widadari lan lestari dadi pangayome pangayomane para among tani.
Nganti saprene isih akeh sing nlestarekake cara padesan, saben mentas panen, adate banjur slametan bersih desa kanthi nanggap wayang lakon Sri Sadana. Dene slametane sanajan wis sarwa pepak meksa ora lali gawe ambengan sega beras wangen, pecel pitik, lan jangan menir, awit iku kersane Dewi Sri. Kajaba iku kanggo tandha pamundhine marang Dewi Sri ing kobongan utawa patenan ajeg ditatani bantal nganti ngundhung-undhung apa dene sajen suruh ayu, gedhang ayu, pangilon, kendhhi, kembang boreh, lan sapanunggalane. Kang lumrahe saben malem jumuah dikutugi.
Yen wong tani arep ngeneni parine lumrahe nganggo sajen lan pari pangantenan, mangkono uga yen wong arep ngunggahake pari menyang lumbung adate nganggo didokoki kembang tlasih lan sapanunggalane. Iku kabeh ngestokake utawa ngleluri dhawuh pitudhuhe Dewi Sri.
Nanging ngertiya, adat tatacara ngonokuwi suwe-suwe akeh sing ninggal, merga akeh sing ora njaman lan ora ketemu nalar. Nanging upama isih ana sing nindakake, ora prayoga yen dipaido. Awit ngertia pangandel iku gedhe paedahe, apese ati luwih mantep. Wong tumindak samubarang kanthi manteping ati, arep apa maneh, dilalah samarga-margane ya kabeneran, beda karo yen tansah ngundhut kuwatir, ana-ana bae sandhungane.

Selengkapnya......

Raden Antareja

( Dening : Mutaqin )

Asma pepake Raden Antareja ya Raden Anantareja. Isih wayahe dewa ing Kahyangan Saptapratala ya Sanghyang Anantaboga. Ibune akekasih Dewi Nagagini. Dene ingkang ngukir jiwa ragane Raden Antareja iku Satriya ing Manggulpamenang Raden Harya Sena. Apa sababe dene Raden Harya Sena bisa tekan Saptapratala, critane mangkene. Ing nalikane Kurawa nganakake pista ing Bale Sigala-gala, Pandhawa diundang dalasan Dewi Kunthi. Nanging bale wewangunan kang dienggoni dening para Pandhawa, digawe saka kayu lan kertas kang gampang kobong. Hamung diwangun memper kayu, dicet lan diplitur katon apik. Jroning pista mau Pandhawa diaturi dhaharan kang wis dibumboni racun, mangkono uga unjukane, ya w3. is dicampuri racun. Nanging Sang Harya Sena waspada. Dheweke ora gelem mangan, lan ya ora gelem ngombe. Malah diisin-isin karo Dursasana barang meksa ora gelem mangan lan ora gelem ngombe.
Kacarita para Pandhawa wis padha mendem, dalasan Dewi Kunthi barang ya melu mendem, dumadakan ora weruh sangkan paraning bilahi ana geni nyaut bale wewangun kang dipanggoni dening para Pandhawa. Kagegeran, gugup, sigra Sang Harya Sena kang cukat trengginas sigra mbopong Dewi Kunthi dalasan adhi-adhine digawa mlayu. Kocapa jroning bingung ana kang tuduh dalan yaiku garangan putih kang lakune banjur anjog ing Kahyangan Saptapratala iku. Sawise padha diwaluyakake dening Sanghyang Antaboga, sarembug sauntara wektu ngaso dhisik ing Saptapratala, kang wusanane Raden Harya Sena dipundhut mantu didhaupake karo Dewi Nagagini. Lan Pandhawa ora suwe nyuwun pamit bali, Dewi Nagagini tinilar ing kahyangan, wis ana sajroning kahanan nggarbini.
Bareng tekan leking jabang bayi, babar luwar minyak langse mandhala giri, brol cenger miyos kakung. Dening kang Eyang diparingi asma Raden Antareja. Sanalika den adus banyu gege walagang gelis gedhe, glewa glewa. Raden Anantareja bregas, dedeg pidegsa, dening ingkang Eyang wineleg sakeh ngelmu kadigdayan, kanuragan, kawruh kasepuhan, pinaringan upas kang mandine kagila-gila. Bareng wis diwasa, kasektene wis ora nguciwani., nuli takon marang ibune sapa kang ngukir jiwa ragane. Banjur dijarwani sejatine ramane iku isih trahing kusuma rembesing madu, satriya ing Munggupamenang kekasih raden Harya Sena. Mula Antareja banjur nyuwun pamit bakal ngabekti lawan ingkang Rama. Nalika semana mbarengi ing kasatriyan Madukara ana kedadeyan Retna Wara Sumbadra seda diprajaya dening Duratmaka. Kuwandhane kapapanake aneng njeroning prau, rinengga rengga kadidene penganten, dijaga dening Raden Harya Gathutkaca saka ing dirgantara.
Kacarita lakune Raden Anantareja jumedhul saka bantala tiba ing pinggire bengawan Swilugangga, panggonane prau kang momot layone Dewi Wara Sumbadra. Sarehne ana kahanan kang nyalawadi, Raden Antareja kepengin sumurup apa isine prau mau, banjur dititi priksa, lan nuli weruh layon. Ketang gedhe rasa kamanungsane, layon banjur diuripake. Sawise waluya jati, nuli tetepungan, yen garwane satriya. Madukara Raden Harjuna, lan genti yen dheweke putrane satriya Pandhawa Raden Harya Sena.
Ora weruh prekarane dumadakan didhupak Raden Harya Gathutkaca. Glangsaran pancabakah, banjur dipisah dening Dewi Wara Sumbadra kang wus waluya, dijarwani yen isih kadange, tunggal rama seje ibu. Nuli rerangkulan, banjur kondur menyang Negara Ngamarta. Gawe senenge kabeh kaluwarga Pandhawa lan Dwarawati, jalaran Wara Sumbadra wus waluya. Dening Raden Antareja bareng didangu apa sebabe nganti Wara Sumbadra tumakaning seda, jalaran saka trekahe Burisrawa kang nedya ngajak langen asmara nanging nora linanggitan, ndadekake dukane Dyan Anrjuna. Wusana Burisrawa dirangket nedya diprajaya. Nanging bisa diwurungake dening Dewi Banowati.

Selengkapnya......

Rabu, 18 Februari 2009

Asal-usul Rembang

Dening : Mutaqin

Miturut asal-usule, nama Rembang mono kaya sing dingendikakake “mBah Guru” ing “Sejarah Rembang”. Dene mula bukane nama Rembang mangkene
… Watara nalika taun syaka : 1336, ana wong Cempa Banjarmlati watara wolung brayat sing padha pinter nggawe gula-tebu nalika ning negarane…. Wong-wong mau padha pindhah misah nedya ngudi ngawe gula tebu abang sing ora kepokil-kemisil kuwi, mangkate liwat segara ngener mangulon nuli ndharat ring sungapane kali kang gisike serta kanan kirine nuli thukul nggenggeng lebeng wit Bongaow ( Ind : Bakau = Jaw : Bengkat ). Nggone pindhah kuwi disesepuhi dening Kakek Pow Ie Din. Sawise ndharat si Kakek nuli nganakake mantram lan semadi, banjur wiwit nebang wit bongaow mau kang banjur diterusake dening wong-wong liyane. Bumi bubukan kuwi banjur digawe pategalan lan pekarangan sarta teba, ing sabnajure teba kuwi dijenengake, teba : KABONGAN ; njupuk tembung saka arane wit Bongaow, dadi Ka-Bongaow-an (Kabongan)
… Nuju sawijining dina wayah pajar pagat raina ing sasi Waisaka … ; wong-wong mau areo miwiti ngrembang ( nebang = mbabat ) tebu. Sadurunge miwiti ngrembang dianakake Upacara Suci Sembahyang lan Semadi neng panggonan tebu sedhapur kang wiwit/sakawit arep dikepras rong wit, minangka kanggo tebu “Penganten”. Upacara pangeprasan kuwi arane : “ngrembang sakawit”…
Mengkono mau asal mula bukane tembung : “ngrembang” nganti didadekake jenenge kutha REMBANG tumekane wektu saiki iki ….

( Sejarah dan Hari Jadi Kabupaten Rembang )

Selengkapnya......

Dongeng Kupu

( Dening : Sumarsih )

Uler lan tawon lagi padha dolanan ing wit kembang srengenge. Tawon kuwi kewan sing jail, senenge moyoki kancane.
“He, ler, awakmu kok nggilani temen. Kae delengen, bocah-bocah padha wedi, gila nalika weruh awakmu.”
Krungu celathune mitrane mau, uler dadi susah. Nanging isih bisa nyauri tawon.
“Lha kepriye ta won, kabeh mau kang nitahake rak Gusti Allah SWT.”
E, e, tawon durung gelem nrima pambelane uler, malah tambah moyoki.
“Ler,ler, gaweyanmu kuwi apa ta, saliyane mangani godhong, ngrugekake manungsa ora ana maneh. Delengen wit-witan kae, godhonge padha brindhil ora bisa kembang ndadekake ora metu wohe.”
“Lha kepriye, aku ki ya mung doyan mangan godhong.” Sumaure uler nglenggana.
Beda karo aku, bisa ngrewangi manungsa kanthi mangan sarining kembang, aku bisa gawe madu, coba kowe bisa ora gawe seneng atine bocah!” celathune katon sombong.
“Ya wis saiki aku arep pasa. Aku ora arep mangan godhong.”
“Pancen kudu mengkono ler.”
Tawon lunga mabur sinambi ninggalake uler kang katon thenger-thenger. Wiwit dina iku dheweke pasa. Ora mirasa wis ganep sesasi anggone pasa. Dumadakan ana owah-owahan ing awake uler, malih dadi enthung.
“Enthung-enthung endi elor endi kidul.
Enthung-enthung endi elor-endi kidul.
Ger-ger mencok pager.
Ger-ger mencok pager.”
Uler sing wis malih dadi enthung durung trima. Dheweke isih nyuwun marang Gusti Allah SWT supaya diparingi awak kang endah lan disenengi bocah akeh. Gusti Allah ngabulake panyuwune uler. Ora wetara suwe awake metu sikile telung pasang, banjur metu sungute loro cacahe. Atine bungah banget nalika gegere thukul elare. Elare mau werna-werna yaiku wungu campur kuning, biru katon endah banget. Rumangsa duwe elar, uler sing wis malih wujud mau banjur mabur kleper, nggoleki tawon. Sawetara tawon gumun ana kewan endah marani dheweke.
“Sapa kowe, elarmu endah merak ati ?”
“Won apa kowe lali karo aku ?”
“Oh, kok kaya swarane uler!”
“Iya,aku uler. Aku nuruti welingmu, aku pasa banjur malih iki.” Coba bocah-bocah kae apa isih wedi karo aku ?” Kupu banjur mabur marani bocah-bocah kang lagi padha dolanan ing taman.
“He delengen ana kupu, ana kupu !” Panyurake bocah-bocah kanthi seneng banjur kepengin ngencup kewan endah mau.
“Oh, jenenge saiki kupu, “ celathune tawon sombong.
“Ayo padha diencup !”
Kupu kuwi tak encupe
Mung abure ngewuhake
Ngalor ngidul ngetan bali ngulon
Mrana-mrene mung saparan-paran
Sapa bisa ngencupake
Mentas mencok jegreg
Banjur mabur kleper

Selengkapnya......

Lungguh Ora Sembarang Lungguh

Dening: Mutaqin

Cicik ngaso sedhela. Dheweke lagi bae rampung nyapu lan ngresiki latar. Ing teras ngarep omah dheweke lungguh. Cicik lungguh santai, sikile sing siji ditumpangake ing sikil sijine. Sinambi ngenteni giliran adus, kamar mandhine isih dianggo mbakyune, dheweke maca Koran.
Ngulinakake maca Koran banget nyenengake lan mumpangati banget. Kanthi mangkono bisa ngerti pawarta warna-warna, seserepan, lan tulisan saengga bisa nambah pengalaman urip.
Wektu santai, ora akeh wong sing wira-wiri lan lagi ora ana tamu, lungguh bebas kaya Cicik mau wajar lan biasa bae. Nanging ora ngulinakake lungguh njegrang kaya Cicik, kirane luwih prayoga. Ana kalane lungguh kaya mangkono katon ora sopan, tur maneh ora kepenak yen disawang. Luwih-luwih yen pinuju lungguh ing kursi cedhak wong tuwa, bapak lan ibu guru, kabeh wong sing pantes dihormati.
Lungguh kanthi sikil loro dislonjorake uga kurang sopan. Parayogane lungguh ing kursi kanthi sikep badan jejeg, sirah lan gulu ora sedhela-sedhela noleh, sikil loro jejeg rata.
Menawa arep lungguh, nanging ing sacedhake awake dhewe wis ana sing lungguh, becike asung pakurmatan kanthi cara ndhingkluk utawa mbungkuk sithik, rai sing sumeh, lan uluk-uluk.
Menawa kursi durung tumata, becike diatur lan ditata luwih dhisik kanthi cara alon-alon. Aja diseret ngono bae saengga nuwuhake swara sing ora kepenak.
Samono uga nalika arep ninggalake panggonan lungguh kasebut. Kursi banjur dibalekake maneh kaya maune. Tumata lan apik.
Basa nuduhake bangsa. Ajining dhiri dumunung ing lathi. Ora bakal bungkuk amarga ndhungkruk. Tegese awake dhewe ora bakal dicamah amarga ngormati wong liya. Nanging malah suwalike, pribadi lan ajining dhiri malah tambah marak ati.
Bab sing sajinis uga kudu ditindakake nalika numpak sepur, bis, utawa kendharaan umum liyane. Lungguh ing panggonan sing wis dicawisake. Nomer kursi kudu padha karo nomere karcis. Aja lungguh ing panggonane wong liya. Sikil aja dislonjorake ing kursi liyane.
Menawa ana ibu-ibu sing lagi nggendhong bayi utawa bocah cilik, wong ngandhut, wong sing wis tuwa, wong lara, wong sing dihormati, nanging ora oleh lungguhan, aja tega, aja enak-enakan bae. Aja ethok-ethok ora ngerti. Awake dhewe kudu ngalah, ngadeg lan pindhah ing panggonan liya banjur ngaturi lungguh marang dheweke.
Lungguh pancen ora sembarang lungguh. Nanging lungguh nganggo cara tartamtu, lungguh nganggo tata krama. Tujuane supaya awake dhewe bisa lungguh kanthi jenjem lan aweh kalodhangan marang wong liya supaya bisa nikmati lungguh kanthi jenjem uga.
Lungguh ing kamar sinau, ing kelas lanthi anteng ndadekake lancaring pasinaon.
Lungguh kanthi geger disendhekake ing kursi kanggo ngilangake rasa kesel, bisa nyegerake badan. Nanging aja banjur dadi males, nglokrokake greged, lungguh “semau gue”, ora kepenak disawang lan ora sopan.
Lungguh sila, slonjor, ndhodhok, jegrang, ngglethak ing lapangan sawise olah raga, cukup sopan lan wajar bae.
Lungguh ing panggonan kanggo ngibadah ora kaya mangkono. Prayogane anteng, tertib, lan tumata. Pikiran mantheng ati jenjem.
Cekaking crita, lungguh ora sembarang lungguh; nanging lungguh dijumbuhake karo panggonan, wektu, kahanan lan kapreluan. Lungguh kudu nganggo tata krama lan suba sita.
(Terjemahan : Tata Krama Membangun Keselamatan Bangsa)

Selengkapnya......

Senin, 16 Februari 2009

Maskumambang (Sedya Lengkara )


Dening : SUWANTO

1.Tekad kula nunten pados tiyang wegig,
ingkang sugih japa,

saged nyingkiraken dhemit,

nadyan kedah tombok arta.

2. Wus siyaga kula dipunumik-umik,

sembur japa mantra,

sakit kula boten lilih,

malah ndhrodhog adhem panas.

3. Gantos mangsa sun sranani asesaji,

sekul tumpeng sanggan,

kembang menyan arta tindhih,
kula seleh ing prapatan.

4. Pamrih kula antuk saras saking saji,

nggih sawabing dalan,

nanging jebul boten kasil,

sakit kula saya ndadra.

Pringsurat, 16 Februari 2009



Selengkapnya......

Minggu, 15 Februari 2009

Piwulang Asthabrata

dening : mutaqin

Satemene wejangan utawa piwulange Rama marang Wibisana iku rupa-rupa. Antarane bab-bab kang ana gepok senggole karo paprentahan, ulahpraja, ngenani kewajibane para panggedhe, para warga paprentahan, bab pidana lan paturan lan liya-liyane. Dene wejangan kang disebut Asthabrata kuwi mligi wejangan bab paprentahan nagara wae.
Tembung Asthabrata mono ateges laku kang wolu, tetuladhan kang cacah wolu. Cacah kang wolu iku miturut anane dewa kang wolu kabeh kang nduweni sesipatan dhewe-dhewe kang patut dadi tuladhane para kang ngasta pusaraning praja.


Dewa wolu mau yaiku 1. Bathara Endra, 2. Bathara Surya, 3. Bathara Bayu, 4. Bathara Kuwera, 5. Bathara Baruna, 6. Bathara Yama, 7. Bathara Candra, lan 8. Bathara Brama.
Wondene sasipate wolu miturut para dewa mau karingkes ing ngisor iki.
1. Bathara Endra
Mengku pralambang ngalam donya iku kaya dene bumi utawa lemah. Bumi iku mau padha dene badane manungsa. Lakune badan mau kudu nduweni sesipatan rila legawa anoraga.

2. Bathara Surya
Mengku pralambang yen urip ing ngalam donya iku kaya dene srengenge. Srengenge iku mujudake angen-angene manungsa, ateges manungsa kudu bisa lumebu ing gapurane kawruh, kudu bisa lumintu kaya sunare sang surya.

3. Bathara Bayu
Iku pralambange napasing manungsa. Napas mono kudu tansah bisa dadi talining ngurip lan bisa ngukuhake kanggo nandukake pakarti sumujud ing Pangeran kang Murbeng Titah, Gusti Allah.

4. Bathara Kuwera
Nglambangake yen ngalam donya iku mendhung. Iku minangka pasemon manungsa kang olah praja kudu bisa gawe katentreman lan kabegjan. Mau kabeh dumunung ing pangrasa.

5. Bathara Baruna
Ngalam donya iku dilambangake banyu. Banyu iku kaya dene wicarane manungsa, pagunemane manungsa. Mula manungsa kudu bisa migunakake tetembungan kang ngenaki atining liyan lan migunani kanggo sadhengah wong kang ngrungokake.

6. Bathara Yama
Iku nglambangake yen ngalani donya kaya dene lintang. Lintang iku pasemone karsa utawa derenging kekarepan. Karsa kudu bisa diereh, dikendhaleni murih bisane tumindak kang pratitis.

7. Bathara Candra
Nyemoni sipating kasucening ati kaya dene sinar rembulan, resik lan sumringah. Sinar rembulan kang resik gemrining iku sanajan katutupan mesthi yen wis pulih banjur pulih resik maneh. Semono uga ati kang suci.

8. Bathara Brama
Brama iku werdine geni. Geni minangka pasemon tumrap napsune manungsa. Napsu ana werna loro, kang utama lan kang ala. Geni yen kegedhen urupe dadi bebaya, semono ugo napsu kang ora bisa diereh, kang kegedhen, bisa nuwuhake kacilakan tumrap manungsa liyane sapadha.-padha.

Sesipatan kang wolu-wolune iku mau kanthi laras dipatrapake tumrap sing sapa wae tinanggenah ngasta pusarane nagara. Ananging sipat kang kaya ngono kuwi kabeh uga patut diugemi rakyat kang diprentah, yen mengkono tundhone bebrayan bakal bisa ayem tentrem, sadhengah gegayuhan mesthi bakal klakone.

(Kapetik saking Kalawarti Pustaka Candra)

Tegese Tembung-Tembung

Werdine : maksude, karepe
Gepok senggol : sesambungane, sambung rapete
Pidana : ukuman
Paturan : angger-angger, pranata (Ind.: peraturan)
Mligi : khusus
Tetuladhan: conto
Pusaraning praja: paprentahan
Patut : pantes
Mengku : nduweni
Ngukuhake : nguwatakae
Pakarti : panggawe
Murih : supaya

Selengkapnya......

Tripama

Dhandhanggula

1. Yogyanira kang para prajurit,
Lamun bisa sami anulada,
Kadya nguni caritane,
Sasrabau ing Maespati,
Aran Patih Suwanda,
Lelabuhanipun,
Kang ginelung tripakara,
Guna kaya purun ingkang denantepi,
Nuhoni trah utama.


2. Lire lelabuhan triprakawis,
Guna bisa saniskareng karya,
Binudi dadi unggule,
Kaya sayektinipun,
Duk bantu prang Manggada Nagri,
Amboyong putri dhomas,
Katur ratunipun,
Purune sampun tetela,
Aprang tandhing lan Ditya Ngalengka Aji,
Suwanda mati ngrana.


Tegese Tembung :

nulada : an + tulad + a = anirua, anyontoa
nguni : dhisik, biyen
andelira : andele = kang dianggo ande-andel
lelabuhan : lelabetan = jasa (Indhonesiya)
nuhoni : n + tuhu + an + i = mratelakake tuhu (temen, setya) = netepi
trah : darah, turun
saniskareng : saniskara + ing = sakabehing
binudi : diudi = diarah
dhomas : dhomas = 2 mas = 800 : 1 mas = 400
aji : ratu
ngrana : ing rana = ing paprangan

Selengkapnya......

Watak Murka Nemu Cilaka

dening : mutaqin

Wis kondhang kaonang-onang, menawa kewan sing jeneng macan, embuh sing macan gembong, sing macan tutul, apa sing macan kumbang, kabeh kalebu kewan galak, tegese kewan sing gelem lan karem mangsa kewan liyane.
Ning rada beda karo si macan gembong cluring iki amarga saka brangasane, dhewekne wani memungsuhan karo macan gembong sing luwih gedhe lan luwih tuwa. Sasuwene padha kerah si macan gembong cluring kepeksa kelangan siyunge siji.
Ya wiwit nalika kuwi, dhewekne banjur ngati-ati, ora nggegampang marang calon mangsane. Sing cetha saiki tansah golek akal kepriye kelakone mangsa kewan kang ringkih-ringkih bae.


Nalika si Gembong cluring ngubengi alas kang ora rungkut, amarga grumbul-grumbul padha mati sabab wis kelakon 6 sasi ora ana udan, dhewekne weruh sapi lanang kang awake kuru-kuru padha ngeyub ana sangisoring wit jati kang gedhe.
Ing sajroning batin nggagas :
“Ah, saiba enake daging sapi iku ... Emane dene koh awake kuru-kuru ngono. Mangka siyungku mung kari siji ... Piye ya ...?“

Si Gembong mbanjur leren sawatara karo golek akal.
Sawise nemu akal sarana dipikir mateng, si Gembong menyat, mlaku alon-alon, buntute kopat-kapit. Karo nuduhake ulat manis, marani sapi papat mau karo dhehem-dhehem, celathune: “Sik-sik” Nalika semono sapi papat padha menyat karo masang sungune sarta padha mbekos, dikira yen si macan arep nubruk awake.
“Mitra, aja salah tampa, aja kok anggep aku iki macan sing galak, kaya macan-macan liyane.”
Sapi papat mangsuli karo tetep siyaga:
“Lha njur apa karepmu, he?”
Supaya luwih precaya si sapi papat, si macan lungguh sinambi ngelus-elus brengose:
“Ngene, supaya aku lan kowe luput saka pangincering manungsa, becike padha rukun, memitran, dadi manungsa sing arep padha nyekel aku lan kowe kentekan akale.” Si sapi : Ah, kowe, terus apa rancanganmu,he?”
“Heeeemmm, mitra. Rancangan sing neka-neka? Ora Sing perlu aku lan kowe padha rukun, ora padha nduweni prasangka-prasangka kang ala. Malah yen kowe padha gelem arep tak tuduhake panggonan suket kang ijo ledhung-ledhung. Kowe bisa mangan sakkarepmu.”
Si sapi padha pandeng-pandengan, gumun kacampur seneng. Kabeh papat muni bareng:
“Setujuuuuu ....“

Sabanjure si macan lan si sapi papat padha mlaku runtung-runtung. Macan ana ngarep lan sapi ana mburine. Mung sajrone sesasi, awake sapi wis katon lemu ginuk-ginuk Si macan sangsaya anggone kemecer, selak kepengin ngrasakake nikmate daging sapi, nanging sapi papat mau ora tau lena sarta sembrana, dikaya ngapa apike si macan sapi papat tetep waspada.

Nuju sawijining dina macan kandha yen kepengin numpak ana gegere. Salah sijine sapi mau nglilakake. Nanging apa sing kedadeyan? Bareng si macan wis ana dhuwur geger, keselak notog atine, kagawa saka ora sabare, punuke sapi dicengkerem, kanthi mengkono Si sapi mesthi bakal mati. Nanging si sapi saiki beda karo sesasi kepungkur. Saiki lemu lan rosa. Bareng krasa lara, si sapi tanggap sasmita, banjur mlayu nyedhaki jurang, si macan saya kenceng anggone nyengkerem. Ewa semono bareng tekan pinggir jurang, si macan dikipatake dening si sapi ... plung si macan kecemplung jurang, dadi lan patine.

Liding dongeng :
Sing sapa awatak murka, ora bakal ketrima, malah sing ajeg nemu cilaka.

Tegese Tembung
brangasan :watak brangasan, watak kang gampang utawa gelis nesu.
mbekos :nesune kewan sikil papat, sabangsane sapi, bantheng, kebo,patrape masang sungune, mripate mendelik, ambegane nywara ngos-ngosan.
Kerah :tukaran/gelute kewan galak.
ringkih :ora duwe kekuwatan. .
kemecer :selak kepengin mangan apa sing dideleng.

Selengkapnya......

Rai Gedhek

Mutaqin

Ing desa ana wong siji, salawase ora tau nyambut gawe, mungguh kang dadi pangane, yaiku saben ngrungu ana wong elek-elekan bayi, utawa wong duwe gawe liya-liyane, ora kena ora, dheweke mesthi teka, mungguh tekane iku ora kelawan diundang. Dheweke sregep mangkono awit yen ana ing pajagongan, sawernane panganan kang ana ing ngarepane dipangan sawarege banjur digawani mulih, minangka dadi guna kayane marang kang wadon. Sarehne wong mau salawase pakaryane kaya mangkono, sabanjure pawongan mau kaparaban Kyai Rai Gedhek.

Rikala ing sawijne dina, wong mau moyoki marang tanggane, awit ana tanggane siji kang bubar kepaten bapake, bareng dhong mitung dinane, Kyai Rai Gedhek mau ora diundang kondangan, dheweke banjur lunga nangguh. Bareng tekan ing omahe tanggane katon adhem bae, Kyai Rai Gedhek banjur takon marang kang duwe omah, celathune:“Mitung dinane bapakmu harak dina iki ta?”. Saure kang duwe omah, “Inggih, Pak, ananging sampun kala wau”. Kyai Rai Gedhek banjur mulih tanpa pamit, sarta kedumelan, unine “Rai Gedhek temen, mitung dina bapakne wae, kok ora kuwat ngundang wong”.

Selengkapnya......

Pengantin Panggih Cara Jawi Tengah

MUTAQIN

Dinten Ngahad pukul 10.00 para tamu sampun ngebaki tarub. Nanging kepara taksih kathah ingkang dereng sami rawuh. Pukul 10.30 pambyawara ngaturaken pambagya sugeng rawuh, saha ngaturi pirsa bilih panggihing penganten badhe kawiwitan. Para tamu kasuwun jumeneng paring pakurmatan rawuhipun penganten.

Boten dangu penganten kakung medal saking dalem pondhokan. Penganten ngagem ageman basahan saubarampenipun, dipunapit pinisepuh kanan kering, pinayungan songsong agung, ginarubyug para pangiring, binarung swantenipun gangsa pahargyan, Monggang, Kebogiro, tuwin Kodhok Ngorek. Wonten ing tratag rambat (tarub), penganten kakung dipunpethuk penganten putri ingkang dipunapit pinisepuh, ginarubyug pangiring, pangarih saha putri dhomas, ingkang sami ngagem busana kejawen jangkep.

Tumapaking upacara dipunacarani pambyawara putri, ingkang pratitis urut-urutaning lampah saha mumpuni basa Jawi. Dene urutaning adicara kados ing ngandhap punika :
a. Upacara balangan gantal
b. Upacara ngidak tigan, kalajengaken penganten putri mijiki samparanipun penganten kakung.
c. Upacara kacar-kucur, pralambanging penganten kakung paring guna kaya dhateng penganten putri.
d. Upacara bobot timbang, penganten kakung saha putri dipunpangku bapakipun penganten putri, salajengipun ibunipun penganten putri pitaken: Awrat pundi, pak?”. Dipunwangsuli: “Padha abote”. Tegesipun tiyang sepuh boten badhe mbedak-bedakaken putra piyambak kaliyan putra mantu.
e. Upacara sungkeman, tandha pakurmatan saha pangabektinipun putra dhumateng tiyang sepuhipun ingkang sampun nggulawenthah wiwit alit ngantos diwasa.
f. Upacara lenggah jajar, penganten sakaliyan lenggah jajar wonten ing kursi pajangan, kaapit patah sakembaran, para tiyang sepuh kakung putri, saha para sedherekipun.

Adicara salajengipun kadosta : atur pambagyaharja saha panuwun saking ingkang mangku gati, tanggap atur saking besan penganten lan sapiturutipun ngantos purnaning pawiwahan.

Pethikan saking Panyebar Semangat.

Selengkapnya......

Mbarang

Dening : Dyan Annimataya Soer

Bocah cilik manis kakang adhi
Runtang-runtung nyang endi-endi
Nyangking angklung saka bumbung
Mlebu lurung metu lurung

Bocah cilik manis kedhana kedhini
Runtang-runtung mbarang saparan-paran
Ngupaya boga nyambung panguripan sadulitan
Nambal nistha sing teka lunga wira-wiri, nrenyuhi

Nembangi lagu-lagu melasi
Mbukak babad ngenesi ati
Koncatan Bapa Biyung, dheweke ditinggal keri

Bocah cilik manis kedhana kedhini
Runtang-runtung nyang endi-endi
Dina-dina uripe kaliput ayang-ayange mega

Selengkapnya......

Rama Badhe Kajumenengaken Nata

(Kapethik saking: Cariyosipun Ayu Sita lan Bagus Rama)
( Mutaqin )

Wonten nagari namanipun Kosala. Kadhatoning ratu amapan ing kitha Ayodya. Ingkang jumeneng nata asmanipun Dasarata. Nagari Kosala punika subur makmur, tata tentrem. Para kawula sami seger saras, kacekapan gesangipun. Sang Prabu Dasarata punika raja ingkang sugih. Ewadene panggalihipun boten tentrem. Punapa sababipun? Sabab panjenenganipun sampun sepuh, nanging dereng kagungan putra. Lajeng sinten benjing ingkang gumantos dados raja manawi panjenenganipun seda?

Sampun wongsal-wangsul dipunwonteni upacara mawi sesaji, nyuwun dhumateng Ingkang Aparing Gesang supados raja kagungan putra. Nanging dereng pinaringan.

Raja paring dhawuh dhateng para pandhita tuwin parapunggawaning kraton, ngawontenaken upacaramalih mawi sesaji ingkang langkung jangkep saha ingkang langkung kathah tinimbang ingkang sampun-sampun, nyuwun dhumateng Ingkang Akarya Gesang supados sang nata pinaringan kanugrahan putra.

Panyuwunipun kasembadan. Garwa tetiga lajeng sami nggarbini. Dumugi titi wancinipun para garwa sami babaran. Putranipun kakung sadaya. Dewi Kosalya peputra Rama. Dewi Kekayi peputra Barata. Dewi Sumtra putranipun kembar, inggih punika Lesmana tuwin Satrugna.

Kacariyos Rama punika sajatosipun dewa. Asmanipun Wisnu. Panjenenganipun manjanma, tumurun saking kayangan dhateng donya.

Putrasekawan punika pinaringan panggulawenthah ing babagan maneka warni. Kawruh saha kapinteranipun perang ngedab-edabi. Langkung-langkung Rama tuwin
Lesmana. Sedherek kekalih punika raket rukun, prasasat boten nate pisah.

Bagus Rama pikantuk Ayu Sita. Upacara wiwaha mawi pahargyan semuwa. Dangunipun ngantos pinten-pinten dinten. Prabu Dasarata ugi kepareng ngrawuhi pahargyan punika. Sasampunipun pahargyan purna, penganten kekalih tumunten kaboyong saking Nagari Widheha utawi Manthili dhateng Nagari Kosala. Ing Nagari Kosala panganten kekalih inggih dipunsuba-suba mawi pahargyan mawarni-warni.
Kacariyos Prabu Dasarata sampun sepuh sanget. Panjenenganipun kagungan kersa enggal-enggal lereh keprabon. Karaos bilih sedanipun sampun nyelaki. Rama ginadhang-gadhang nggentosi jumeneng nata. Nagari Kosala sampun cecawis ngawontenaken Upacara Jumenengan dalah pahargyanipun. Para punggawaning nagari, para kawula sami sengkut anggenipun tata-tata, manahipun sami gumbira, awit pancen mila tresna dhateng calon rajanipun punika. Dgasar Rama punika sugih kawibawan, sugih kapinteran kaprigelan, pantes dipunsuyudi saha dipuntulad dening tetiyang ing Koasala. Babar pisan boten wonten ingkang gadhah pangangen-angen bilih jumenengan punika badhe gagal. Dewi Kekeyi damel ontran-ontran, damel gegering tiyang sanagari. Kados pundi kadadosanipun? Sumangga, sami maos cariyos salajengipun.

Selengkapnya......

Kinanthi

1. Anoman malumpat sampun,
prapteng witing nagasari,
mulat mangandhap katingal,
wanodyayu kuru aking,
gelung rusak awor kisma,
ingkang iga – iga keksi

2. Pinandeng sarwi tumungkul,
anoman ngiling-ilingi,
sarta mirsakken karuna,
sumedhot tyasira nenggih,
“Iya iki baya-baya
Kusuma putri Mantili “

3. Medhun ing pragak tumungkul,
Anoman sarwi ningali,
Umengetaken sesambat,
Sangsaya inggil hyang rawi,
Sakenjing gennya karuna,
Kusuma Putri Mantili
Saking : Serat Rama
Dening : R.Ng. Yasadipura

Selengkapnya......

Manuk Emprit Memitran Karo Kidang

(Dening Wan Marsali)

Dhek jaman mbiyen kabeh kewan iku padha rukun, padha tulung-tinulung, malah nggone memitran antara siji lan sijine ana sing ngluwihi menungsa saking rakete. Sing gedhe ora adigang-adigung, suwalike sing citik uga tansah among rasa.
Semono uga kanggone si Kidang karo manuk emprit anggone memitran nganti raket banget. Angger ana Kidang ya ana Emprit, angger ana Emprit mesthi ana Kidang.
Nalika semana Emprit nyusuh ana parinan. Parine wis kuning wis wayahe arep dipanen. Mangka anake Emprit durung bisa mabur. Mula Emprit sajodho padha kebingungan. “Ngene wae Mbokne, awake dhewe rak nduwe sedulur Kidang, ayo digoleki dijak rembugan mbokmenawa bisa menehi pepadhang” mangkono pangajake Emprit lanang marang Emprit wadon.
Sawise Emprit sajodho mabur kekiter ana ndhuwur, lan weruh mitrane si Kidang, langsung tumiyup ana panggonane Kidang kang nalika semono
lagi turonan. Bareng mitrane Emprit sajodho teka ana ngarepe, Kidang mbagekake tamune karo enggal-enggal lungguh. Sajake ana wigati apa kowe padha mrene Prit....?”
Emprit lanang banjur kandha apa anane.
Sawetara suwene Kidang lan Emprit padha menenge, padha ngolak-alik pikirane dhewe-dhewe. Ora antara suwe, Kidang nemu akal : Ngene wae. Suk rong dina maneh pas parine dipanen, aku tak nggodha sing padha amek pari. Kowe sakloron bisa ndeleng saka kadohan.
Temenan, pas dina kang wis ditemtokake panen, pak tani sak balane wis padha nglumpuk arep miwiti panen. Dumadakan ana Kidang nerjang wani marang wong-wong sing lagi padha kumpul. Weruh Kidang kang playune ora pati banter, wong-wong sing arep panen pan langsung ngoyak kidang kasebut. Semono uga si Kidang pancen sedyane mung nggodha pak tani, mula angger playune wis rada adoh banjur dirindhikake karo sikile digawe kaya pincang, bareng wis rada cedhak playune dibanterake maneh. Mengkono sateruse nganti adoh banget. Sidane pak tani kekeselan banjur bubar ora sida panen.
Esuke dibaleni maneh kaya dhek wingi, malah Kidang tambah wani cedhak banget karo pak tani. Nanging bareng arep ditubruk, dheweke mlayu maneh. Mengkono sateruse nganti antarane ana patang ndina, sedhenge anake Emprit wis padha bisa mabur.
Emprit padha bungah banget bareng anak-anake wis padha bisa mabur, ora sida dadi mangsane menungsa. Ora lali Emprit saanake padha merlokake nyanggone Kidang perlu aweh panarima marang Kidang sing wis aweh pitulungan marang Emprit sa-anake nganti bisa mabur lan slamet.
Kocap kacarita kurang luwih telung sasi candhake, pak tani bubar nandur pari banjur nandur palawija. Ana kacang brol, jagung, ora lali uga nandur kacang dawa. Dhasar banyune cukup lan dirabuk pisan, tandurane pak tani katon subur, ledhung-ledhung godhonge jo royo-royo. Luwih-tuwih kacange dawa, lembayunge amba-amba sajak mencutake.
Semono uga kanggone si Kidang weruh tanduran kang mencutake iku kumudu-kudu enggal-enggal nyenggut, dhasar sawahe pancen cedhak karo alas dadi saben dina mesthi weruh tanduran kasebut. Mula meh saben bengi senajan wis dipageri, dheweke mbudidaya bisa mlebu perlu mangan tanduran kasebut.
Suwalike kanggone pak tani semono uga. Kepriye carane tandurane bisa wutuh ora dirusuhi kewan utamane Kidang. Pak tani wis nyoba maneka cara nggawe basangan bisane mikut Kidang, nanging tansah cabar.
Nuju sawijining dina, pak tani dibantu tanggane bisa nggawe basangan wujud kala utawa tali kanggo njiret gulune Kidang. Temenan sore iku basangan wis ditata lan dipasang ana panggonan kang biyasane diliwati Kidang.
Tan kocapa, bengi iku biyasane Kidang mindhik-mindhik mlebu sawah arep nyenggut tanduran. Nanging lagi wae endhase disusupake ana kolongan, langsung awake Kidang mumbul gemandhul gulune kejiret tali. Dheweke gemandhul ora bisa uwal. Kidang mung pasrah. Dadi sajrone sewengi dheweke mung gandhul-gandhul ora ana sing nulungi.
Kocapa kaya biyasane manuk Emprit saanake esuk umun-umun wis wiwit golek pangan, pas kebeneran ana sacedhake Kidang kang gemandhul kena kala. Emprit enggal-enggal nyedhaki mendok ana gegere Kidang. Kidang, Kidang ... geneya kowe ... ? Emprit takon sajak ora sabar.
Kidang mangsuli : “Aku kena paekane menungsa Prit ... kena kala ora bisa uwal. Tulungana aku Prit .....
Emprit mangsuli : “Hiya genti kowe daktulungi. Nanging kowe kudu manut aku. Kowe bakal dakteleki sa-anak bojoku anak sakojure awakmu. Emprit kandha ngono langsung neleki awake Kidang karo anak bojone.
Iki mengko yen pak tani teka, kowe aja obah ya malah wetengmu plembungna dadi kaya-kaya kowe wis mati. Mengko yen taline dikethok, kowe enggal mlayuwa. Tenan aja lali pesenku tho. Lha kae pak tani teka tenan. Wis ya dakdeleng saka kadohan kowe.



Temenan pak tani teka ora lali karo nggawa arite. Bareng weruh Kidang gandhul-gandhul saiba bungahe. Dheweke bengok-bengok ngundang tanggane sing padha-padha ana sawah. Saking bungahe dheweke lunjak-lunjak karo mbengok “Aku entuk Kidang ... aku entuk Kidang ...”
Nanging bareng dicedhaki dheweke malah gela, merga kidange katon wis mati.
“O... alah Kidange wis mati ... ketara iki wis diteleki manuk ... wah gela aku ....“ kandha ngono karo ngethok tali sing kanggo ngala gulune Kidang. Bareng taline pedhot pranyata langsung Kidange mlumpat mlayu tambuh-tambuh parane.
Lho .... tembelane malah mlayu, ketoke kaya wis mati, wetenge mlembung, awake sakojur diteleki manuk ndadak ngapusi ya kowe. O.... awas kowe ... kapan-kapan kecekel sida daksate kowe.
(Kapethik : PS no. 1 / 2004)

Selengkapnya......