Sutasoma putranipun raja Mahaketu. Panggalihipun suci, bebudenipun luhur, pangibadahipun jangkep. Panjenenganipun boten karsa palakrama, boten karsa kajumenengaken nata, malah mentar saking kadhaton, minggah Redi Himalaya, tuwin tapa, ngudi kasampurnaning gesang.
Nate dipunkereg raseksa asirah liman badhe kamangsa. Nanging danawanipun sor prabawa. Naga galak ingkang sumedya adamel tiwas inggih nungkul. Kekalihipun lajeng sami setya ing panjenenganipun saha aprasetya boten badhe damel pepejah malih dhateng sesamining gesang.
Ing salebeting jurang wonten sima kaliren, badhe mangsa gogoripun. Kamangka kedahipun malah nesepi.
Sutasoma priksa, mandhap, menggak, tuwin paring dhawuh, “He, aja! Aku bae mangsanen !“ Sakala sima nubruk. Sutasoma kacakot jajanipun, kaisep ludiranipun, ngantos tuntas, temahan seda. Sima marem, lajeng nglemprak sasekecanipun.
Dangu-dangu thenger-thenger, emut manawi mentas damel pepejah. Mripatipun kaca-kaca kaliyan mingseg-mingseg nggetuni tumindakipun. Tumunten nglosod ndedagan ing kunarpanipun Sutasoma. Mawantu-wantu panangisipun, mawantu-wantu nawung keduwung, ngantos seseg meh kepedhotan napas.
Bathara Indra tumurun ing marcapada nggesangaken Sutasoma. Sutasoma wilujeng waluya jati, unjuk atur, “Dhuh, Pakulun, punapaa dene amba Paduka gesangaken, jer amba sampun rumaos tentrem manggih kamulyan ing alam sanes. Paduka punika lepat, dene ngungkih kamulyan kula.” Bathara Indra ririh anyauri, “Sumurupa, Kulup, yen sira sira ora Ingsun waluyakake, jeneng tanpa pituwas kabecikanira Amarga si Macan mesthi tanpa kendhat panangis sarta keduwunge. Ora wurung ngenes nganti tumekaning pati. Dene samangsa biyunge mati, gogore tan wurunga iya mati.” Bathara Indra nunten musna.
Sareng kamanah-manah eres, Sutasoma inggih nampi sabda pangandikanipun Bathara Indra.
Sutasoma nglajengaken anggenipun mesu brata, meper, miwah ngikis angkara murka, ngungsed karaharjaning batos, mulung ing kasampurnan adi.
Sasampunipun kasidan ing sedya, kondur angadhaton, tumunten palakrama, saweg karsa jumeneng nata.
Madina Asri, 23 Agustus 2009
Sumber: Sarwa Kusuma
Sudi Yatmana
Tidak ada komentar:
Posting Komentar