Rabu, 21 Agustus 2013

PAGER MANGKOK LUWIH KOKOH KETIMBANG PAGER TEMBOK



Lik Darno mono tuladha wong sing ora patia ngerti babagan ilmu pendidikan sing ndakik-ndakik. Durung ngerti face book barang. Perkara HP isane ya mung telpon karo sms. Iku wae diwarahi anake sing SMA nalika Lik Darno arep mangkat kaji. Upama dikongkon pidhato ya ora ngarah bisa kaya para wakiling rakyat sing lungguh ing DPR yen lagi kampanye ngono kae. Dheweke urip prasaja, nut ing jaman kalakone. Ngeli anut ilining banyu kali. Sithik, Lik Darno ngerti babagan hukum agama. Mula sanajan bandha pas-pasan dheweke ikhlas lan sumeleh nindakake ngibadah kaji. Yen babagan piwulang Jawa pancen Lik Darno rada duwe kaluwihan lan bisa ngecakake piwulang Jawa iku mau kanthi golong gilig lan geleng tekade. Jarene warisan leluhur kudu dileluri, kareben sempulur lestari salawase.
                Ora angel ora abot, lan katone mung sepele. Nuju dina Kemis sore kurang luwih jam setengah lima, aku sanja ing omahe Lik Darno. Anake wedok sing lagi kelas lima SD midar-mider, mubang-mubeng mlebu metu omahe tanggane nggawa nampan cilik isi krecek karo tape ketan. Bareng tak takoni, Lik Darno jare lagi wae bubar oleh kiriman saka sedulure sing sedekah bumi. Amarga anggone ngirimi rada akeh, tinimbang dipangan dhewe ora entek, banjur saperangan didumna menyang tangga teparone. Klebu aku melu ngrasakake kiriman iku mau malah dibontoti barang tak gawa mulih.
Tindak laku lan solah bawane Lik Darno iku mau bisa kanggo tuladha sesanti: Pager mangkok luwih kokoh ketimbang pager tembok. Lire kepriye?
 Wong tetanggan lan bebrayan ing ngendi papan yen gelem dana driyah, loma, dermawan bakal akeh kancane. Disenengi marang sadhengah wong. Saliyane ngono uripe bakal diparingi gampang dening Gusti Pangeran kang Maha Agung.
Nuju sawijining wektu, Lik Darno sanak bojone lagi duwe kepenginan sowan mara tuwane ing tlatah kabupaten sing beda karo panggonane Lik Darno. Mula Lik Darno sagotrah mesthi butuh nginep. Sadurunge Lik Darno budhal menyang omahe mara tuwane, pamitan lan pasrah supaya lampu ing teras ngarep yen surup supaya diurupake. Kanthi rasa lila legawa, tanggane mau nampa lan ndongakake supaya slamet wilujeng lungane Lik Darno saomah kabeh lan seneng banget dipasrahi supaya ngreksa omah. Tumindake tanggane Lik Darno mau merga eling, kadhang kala diweneh-wenehi dening Lik Darno. Mula kanthi eklas tangga teparone melu njaga keamanan lan keslametan omahe Lik Darno nalika ditinggal lunga.
Nunggal desa karo Lik Darno ana seweneh pawongan kang sugih mblegedhu, omahe magrong-magrong, montore kinclong, pagere tembok ora ana sing bolong. Nanging pawongan mau ora nate sesrawungan karo tangga teparo, apa maneh weweh jajan utawa panganan sacuwila. Babar pisan ora nate weweh tangga teparo. Mula nuju ana kalodhangan pawongan mau lunga sakeluarga menyang papan sing adoh lan butuh nginep, dheweke ora pamit tangga, ora pasrah apa-apa. Dheweke wis mantep, yakin yen omahe bakal aman merga pagere wae saka tembok dhuwur, kokoh, omahe wis dicukupi karo kunci sing wis mesthi bakal aman. Nanging apa kang sanyatane dadi, omah mau dileboni maling. Saanane isi omah emas picis raja brana dijarah rayah dening maling. Merga pager omahe dhuwur, maling sing wis mlebu malah tenang aman ora ana tangga sing weruh yen ing jero oah ana maling.
Malah menawa wae, yen ana tangga sing weruh yen ana maling maling malah diumbarake wae, amarga patrape pawongan mau ora nate srawung karo tangga lan ora tau weweh marang tanggane.
Mangkoke Lik Darno sing mung isi jajan sepele malah bisa njaga keamanan omahe, beda karo pawongan sijine mau. Rumangsane yen wis dipageri tembok dhuwur omahe mesthi aman. Kasunyatane ora kaya mangkono.
Nuwun
                                                                                                                                MUTAQIN

Selengkapnya......