Sabtu, 22 Agustus 2009

KOPI KANG …?


Dening : MUTAQIN *)

Sapa sing ora ngerti yen saben pojokan desa lan kampung, sadalan-dalan, lan saenggon-enggon ing tlatah Kabupaten Rembang mono akeh banget tinemu warung kopi. Ana kang awujud cafe sing dijangkepi pramuladi huayu-huayu lan karaoke barang. Lampune pating gelebyar. Ana kang awujud warung kanthi layar maneka warna lan tulisan-tulisan sing edi peni, apa maneh saiki baner mung Rp 14.000 saben meter persegi, uga ana kang mung awujud gedheg reyot bolong kabeh isih nganggo damar uplik kang mung melip-melip ora patiya padhang sorote. Ana ”kopi pas”, ana ”kopi helet”, ana sing nganggo sebutan ”kopi cethot”. Sing kulina munggah gunung ana ”Kopi Mama Mia” lan isih akeh maneh sebutan liyane.
Yen wis mlebu warung kopi, kaya-kaya wis lali sekabehane. Sing tukang mbatu, tukang mbecak, sopir, pegawe negri, pulisi, tentara, bocah sekolah, among tani, dagang, wong mbelah, wong nggunung, kabeh ora ana sing ketinggalan. Lha kok ora lali sekabehane iku piye? Ngopi kok wiwit jam siji awan nganti jam lima sore lagi mulih. Malah terkadhang ana sing wiwit bubar Ngisak nganti tekan jam rolas mbengi. Ana uga sing nganti direwangi nglajo tekan panggonan sing adoh banget karo omahe. Mung apa, kopi sasruputan....?
Nanging iku ya ora kena dipaido ngono wae. Amarga apa? Kanthi sarana ngopi bisa kanggo tamba stres ing ngomah, bisa kanggo srana ketemu karo kanca. Ana uga sing bisa digunakake srana janjian acara bisnis lan liya-liyane. Yen pancen kaya mangkene iki, ngopi iku manfaati banget.
Kanggo kanca ngombe kopi terkadhang cumepak heci utawa piya-piya sing isih anget. Terkadhang ana tela goreng lan pisang goreng utawa endhog godhog barang. Heci utawa piya-piya iku salah siji bahane ana sing saka wortel. Heci utawa piya-piya kok ora nganggo wortel mesthi ora enak rasane. Malah supaya heci iku mau gurih, adonane nganggo dicampuri endhog barang. Mesthi taoge lan kol ora bakal keri.
Saiki apa hubungane wortel, endhog, lan kopi...?
Wortel iku nalika isih mentah rupane oranye apik, dipenyet utawa dicokot atos banget. Diklethak kemriyak. Nanging bareng dijegurake ing banyu panas utawa digodhog, wortel dadi malih rupane, pucet, loyo ora duwe daya kekuwatan apa-apa alias gembuk. Saya suwe anggone nggodhog dadi tambah guembuk.
Yen endhog beda maneh. Endhog iku yen isih mentah gembuk, encer kaya banyu. Diremet gampang pecah lan ambyar, mili nganar-anar. Bareng diwenehi banyu panas utawa digodhog, endhog dadi atos lan alot kenyal. Ora gampang pecah.
Seje wortel, beda endhog. Yen kopi piye ?
Kopi iku rupane ireng, dicekel krasa alus. Rasane....? Ya mesthi pait. Apa tumon kopi rasane legi utawa kecut? Aromane khas kopi. Nanging sawise dijegurake ing banyu panas utawa digodhog, kopi ora ngalami owah-owahan kang manjila. Rupane isih tetep ireng, ya ora dadi prongkolan lan isih tetep alus, rasane iya tetep pait. Aromane ora malih aroma duren utawa aroma cokelat. Ananging irenge kopi, aluse kopi, lan paite kopi yen dijegurake ing banyu panas banjur diwenehi gula dadi wedang kopi sing rasane nikmat kang disenengi dening sadhengah wong.
Para maos, wortel, endhog, lan kopi iku mau mono minangka simbol falsafah panguripane manungsa urip ing pemerintahan, organisasi, lan berayan agung utawa masyarakat.
Manungsa urip ing tengahing bebrayan iku ana sing watake kaya wortel. Sadurunge kumpul karo wong akeh utawa digembleng ing organisasi watake atos, kaku, teguh pendirian. Nanging bareng wis lumebu ing tengahing gemblengan lingkungan lan masyarakat, dadi loyo. Idelaismene ilang tanpa lari. Mung monat-manut wae. Akhire ora dipercaya wong akeh.
Kaya sedulur-sedulur sing padha anggota DPR ika biasane ya kaya wortel iki. Sadurunge dadi DPR janji lan tekade kaya yak-yak’o. ”Saya akan memperjuangkan nasib rakyat kecil. Saya nanti kalo jadi akan begini, begitu.” dan lain sebagainya. Nanging bareng wis lumebu ing sistem, ngerti dhuwit, lali rakyat sing ndhukung. Gak eling janjine sing jare arep merjuwangake rakyat cilik. Mana janjimu? ( Rakyate nagih )
Sing kaya endhog iya ana, awale ketok lemes klular-klulur kaya tuma kathok. Nanging bareng wis digodhog lingkungan lan masyarakat, dadi wong sing keras, idealismeni dhuwur, malah kepara dadi wong sing kaku lan atos atine. Saengga malah ditolak masyarakat. Ora disenengi wong akeh.
Kaya sing padha dadi teroris ika apa ya ora kaya endhog iki. Imam Samodra lan kanca-kancane iku rak ya ora nyanani ta yen dadi teroris? Sing asale bocah meneng ora duwe watak brutal, bareng digembleng dadi duwe watak pendendam, pembunuh tanpa ngelingi rasa kamungsan.
Yen sing kaya kopi, watak asline ora ilang. Sing idealis isih ajeg idealise, nanging bisa menyesuaikan diri karo lingkungane. Ora banjur nentang kahanan kanthi frontal. Dene sing meneng, kalem lan lemes kanthi cara kang ngati-ati anggone srawung uga bisa ditampa komunitas lan masyarakate. Manungsa ngene iki kang diarani bisa manjing ajur ajer. Bisa maca situasi, kondisi, lan toleransi. Saenggon-enggon disenengi dening sadhengah wong. Ing ngendi-endi degoleki dening asanes merga nengsemake lan narik kawigaten.
Cekake,... yen seneng ngopi, ayo ditlesih makna sing positif saka wujud lan rasane kopi. Aja mung dijupuk negative thok.
Sugeng ngunjuk kopi, Kang .....!


Madina Asri
Wiwitaning Wulan Pasa 1430 H
Jam sanga esuk

Panulis *) : Guru Basa Jawa SMP 2 Gunem
http://demangwaru.blogspot.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar