Sabtu, 23 Mei 2009

Enthik-enthik


( Dening : Mutaqin *)

P o c u n g

Enthik-enthik patenana si Panunggul!
Gek salahe apa?
Salahe ngungkul-ungkuli.
Dhi aja Dhi sedulur tuwa malati!

Para maos mbok menawa isih kelingan tembang ing dhuwur. Iku mau tembange simbok kanggo nguri-uri aku nalika arep mapan turu. Simbokku pancen kalebu ewone wong sing pinter crita lan nembang. Saben arep turu, karo ngisik-isik geger, simbok mesthi crita sinambi rengeng-rengeng nembang sekecandhake.
Nalika simbok nembangake tembang ing dhuwur nerangake isine. Dene sing dadi isine tembang mau nggambarake regejegane driji sing padha padudon ora rukun.
Driji panuduh (Ind: telunjuk) iku serik sebab dhuwure diungkul-ungkuli karo driji tengah utawa panunggul. Kegawa rasa serike iku mau, panuduh ngakon marang jenthik supaya gelem mateni panunggul. Jentik sing ora rumangsa duwe masalah apa-apa marang panunggul banjur takon, panunggul kok kudu dipateni salah lan dosane apa? Pitakon iku diwangsuli dening driji manis,
sing ngandhakake yen salah lan dosane panunggul yaiku amarga dhuwure ngungkul dhuwure driji panuduh lan driji manis.
O,... jebule sing serik karo panunggul ora mung panuduh thok, nanging kalebu driji manis iya mangkel amarga dhuwure diungkul-ungkuli. Nalika driji manis aweh wangsulan marang jentik, omongane si manis dirungu dening jempol. Sanajan kasunyatane jempol dhuwure uga kungkulan dening panunggul, nanging jempol ora serik, ora mangkel, ora lara ati. Kabeh iku mau wid dikodratake dening Gusti Kang Maha Kuwasa. Jempol malah ngelikake marang jentik, supaya ora gelem nuruti panjaluke panuduh lan driji manis supaya mateni panunggul. Apa maneh kok mateni, milara wae marang sedulur iku ora kena. Sedulur tuwa misan.....! Bakal kuwalat....
Ngendikane simbok, kuwalat iku kaya jambu mete. Sirahe ing ngisor. Tegese uripe bisa sengsara salawase.
Jempol ora mung ngelingake nanging uga ajak-ajak supaya karo sedulur iku sing padha rukun. Aja padha dredah lan tukar padu! Amarga dielingake dening jempol, wusanane driji lima ora padha padudon lan ora tukaran maneh. Malah rukun mad-sinamadan mangun bebrayan kang utama.
Yen para maos kersa ngematake tembang ing dhuwur, sejatine gambaran kahanane manungsa ing ngalam donya. Ing budaya Jawa iku, tuwa enom mono nglungguhi jejere dhewe-dhewe. Jejering wong tuwa iku nuwasi-malati. Tegese, wong sing enom kudu ngajeni lan ngurmati marang sing tuwa. Yen ora gelem bakal kuwalat, rekasa uripe. Wong tuwa iku ora kena dicecamah, diisin-isinake apa maneh diwirang-wirangake. Kosok baline, sing tuwa ora kena sawiyah-wiyah, gampang ngumbar hawa nepsu, kumalungkung, kumawasa. Malah becike sing tuwa paring wewarah, ngelingake, ajak-ajak sing becik, paring tuntunan marang sing enom. Supaya sing enom bisa ngayahi panguripan kanthi trep lan lempeng mlakune. Becike, antarane sing tuwa lan sing enom padha makarya bebarengan menawa ana samubarang sing ora bener padha dielingake. Kaya lakune jempol kang paring wewarah marang jenthik.
Falsafah driji iku mau bisa dicakake ing ndalem ngasta pusaraning praja tumrape para nayakane praja utawa panguwasa. Ing lembaga DPR anggotane saka pirang-pirang partai. Ana partai kang onjo dhewe suwarane amarga partai pemenang pemilu. Ana partai sing sedheng, lan ana partai sing mung partisipan wae. Sing pemenang pemilu ora kena kumawasa banjur sawenang-wenang ngatur negara. Sing liyane kudu wani ngelingake yen pancen ana penyimpangan lan kesalahan. Aja egois merjuwangake kelompoke dhewe.
Samono uga ing tlatah Kabupaten Rembang. Kanggo mujudake ”Program Empat Pilar” kudu disengkuyung dening kabeh komponen. Maksude, ”Bersama Kita Bisa” ngono lho...!
Aja senengane mung ngritik sing tanpa dhasar lan nggolek menange dhewe lan manas-manasi! Ngritike kudu kritik sing tumuju marang kabecikan. Yen pancen asile peprentahan apik lan tumata, ya kudu lega lila aweh sanjungan lan dukungan. Yen kakehan ngritik sing tanpa dhasar bisa kuwalat, lho....!
Cukup semene dhisik critane simbok. Aja wani karo sedulur tuwa….! Mundhak kuwalat….!
Tunggu crita sing liyane…!


Madina Asri
Wiwitaning Wulan Mei 2009
Jam 11 mbengi

Panulis *) : Guru Basa Jawa SMP Tegaldowo
http://demangwaru.blogspot.com/


Tidak ada komentar:

Posting Komentar