Minggu, 15 Februari 2009

Manuk Emprit Memitran Karo Kidang

(Dening Wan Marsali)

Dhek jaman mbiyen kabeh kewan iku padha rukun, padha tulung-tinulung, malah nggone memitran antara siji lan sijine ana sing ngluwihi menungsa saking rakete. Sing gedhe ora adigang-adigung, suwalike sing citik uga tansah among rasa.
Semono uga kanggone si Kidang karo manuk emprit anggone memitran nganti raket banget. Angger ana Kidang ya ana Emprit, angger ana Emprit mesthi ana Kidang.
Nalika semana Emprit nyusuh ana parinan. Parine wis kuning wis wayahe arep dipanen. Mangka anake Emprit durung bisa mabur. Mula Emprit sajodho padha kebingungan. “Ngene wae Mbokne, awake dhewe rak nduwe sedulur Kidang, ayo digoleki dijak rembugan mbokmenawa bisa menehi pepadhang” mangkono pangajake Emprit lanang marang Emprit wadon.
Sawise Emprit sajodho mabur kekiter ana ndhuwur, lan weruh mitrane si Kidang, langsung tumiyup ana panggonane Kidang kang nalika semono
lagi turonan. Bareng mitrane Emprit sajodho teka ana ngarepe, Kidang mbagekake tamune karo enggal-enggal lungguh. Sajake ana wigati apa kowe padha mrene Prit....?”
Emprit lanang banjur kandha apa anane.
Sawetara suwene Kidang lan Emprit padha menenge, padha ngolak-alik pikirane dhewe-dhewe. Ora antara suwe, Kidang nemu akal : Ngene wae. Suk rong dina maneh pas parine dipanen, aku tak nggodha sing padha amek pari. Kowe sakloron bisa ndeleng saka kadohan.
Temenan, pas dina kang wis ditemtokake panen, pak tani sak balane wis padha nglumpuk arep miwiti panen. Dumadakan ana Kidang nerjang wani marang wong-wong sing lagi padha kumpul. Weruh Kidang kang playune ora pati banter, wong-wong sing arep panen pan langsung ngoyak kidang kasebut. Semono uga si Kidang pancen sedyane mung nggodha pak tani, mula angger playune wis rada adoh banjur dirindhikake karo sikile digawe kaya pincang, bareng wis rada cedhak playune dibanterake maneh. Mengkono sateruse nganti adoh banget. Sidane pak tani kekeselan banjur bubar ora sida panen.
Esuke dibaleni maneh kaya dhek wingi, malah Kidang tambah wani cedhak banget karo pak tani. Nanging bareng arep ditubruk, dheweke mlayu maneh. Mengkono sateruse nganti antarane ana patang ndina, sedhenge anake Emprit wis padha bisa mabur.
Emprit padha bungah banget bareng anak-anake wis padha bisa mabur, ora sida dadi mangsane menungsa. Ora lali Emprit saanake padha merlokake nyanggone Kidang perlu aweh panarima marang Kidang sing wis aweh pitulungan marang Emprit sa-anake nganti bisa mabur lan slamet.
Kocap kacarita kurang luwih telung sasi candhake, pak tani bubar nandur pari banjur nandur palawija. Ana kacang brol, jagung, ora lali uga nandur kacang dawa. Dhasar banyune cukup lan dirabuk pisan, tandurane pak tani katon subur, ledhung-ledhung godhonge jo royo-royo. Luwih-tuwih kacange dawa, lembayunge amba-amba sajak mencutake.
Semono uga kanggone si Kidang weruh tanduran kang mencutake iku kumudu-kudu enggal-enggal nyenggut, dhasar sawahe pancen cedhak karo alas dadi saben dina mesthi weruh tanduran kasebut. Mula meh saben bengi senajan wis dipageri, dheweke mbudidaya bisa mlebu perlu mangan tanduran kasebut.
Suwalike kanggone pak tani semono uga. Kepriye carane tandurane bisa wutuh ora dirusuhi kewan utamane Kidang. Pak tani wis nyoba maneka cara nggawe basangan bisane mikut Kidang, nanging tansah cabar.
Nuju sawijining dina, pak tani dibantu tanggane bisa nggawe basangan wujud kala utawa tali kanggo njiret gulune Kidang. Temenan sore iku basangan wis ditata lan dipasang ana panggonan kang biyasane diliwati Kidang.
Tan kocapa, bengi iku biyasane Kidang mindhik-mindhik mlebu sawah arep nyenggut tanduran. Nanging lagi wae endhase disusupake ana kolongan, langsung awake Kidang mumbul gemandhul gulune kejiret tali. Dheweke gemandhul ora bisa uwal. Kidang mung pasrah. Dadi sajrone sewengi dheweke mung gandhul-gandhul ora ana sing nulungi.
Kocapa kaya biyasane manuk Emprit saanake esuk umun-umun wis wiwit golek pangan, pas kebeneran ana sacedhake Kidang kang gemandhul kena kala. Emprit enggal-enggal nyedhaki mendok ana gegere Kidang. Kidang, Kidang ... geneya kowe ... ? Emprit takon sajak ora sabar.
Kidang mangsuli : “Aku kena paekane menungsa Prit ... kena kala ora bisa uwal. Tulungana aku Prit .....
Emprit mangsuli : “Hiya genti kowe daktulungi. Nanging kowe kudu manut aku. Kowe bakal dakteleki sa-anak bojoku anak sakojure awakmu. Emprit kandha ngono langsung neleki awake Kidang karo anak bojone.
Iki mengko yen pak tani teka, kowe aja obah ya malah wetengmu plembungna dadi kaya-kaya kowe wis mati. Mengko yen taline dikethok, kowe enggal mlayuwa. Tenan aja lali pesenku tho. Lha kae pak tani teka tenan. Wis ya dakdeleng saka kadohan kowe.



Temenan pak tani teka ora lali karo nggawa arite. Bareng weruh Kidang gandhul-gandhul saiba bungahe. Dheweke bengok-bengok ngundang tanggane sing padha-padha ana sawah. Saking bungahe dheweke lunjak-lunjak karo mbengok “Aku entuk Kidang ... aku entuk Kidang ...”
Nanging bareng dicedhaki dheweke malah gela, merga kidange katon wis mati.
“O... alah Kidange wis mati ... ketara iki wis diteleki manuk ... wah gela aku ....“ kandha ngono karo ngethok tali sing kanggo ngala gulune Kidang. Bareng taline pedhot pranyata langsung Kidange mlumpat mlayu tambuh-tambuh parane.
Lho .... tembelane malah mlayu, ketoke kaya wis mati, wetenge mlembung, awake sakojur diteleki manuk ndadak ngapusi ya kowe. O.... awas kowe ... kapan-kapan kecekel sida daksate kowe.
(Kapethik : PS no. 1 / 2004)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar