Jumat, 13 Februari 2009

Punapa Basa Jawi Taksih Migunani

( MUTAQIN )

Basa punika paraboting manungsa kangge mikir dalasan kangge mahyakaken ingkang pinikir kasebut. Anggenipun mekaten punika saged piyambakan punapa dene kalayan srawung ing madyaning bebrayan.

Sarehne ingkang sakawit ingkang manungsa punika namung satunggal, pramila kanalaranipun basa punika ing sakawit inggih namung satunggal
.
Panaliti saha pasinaon ingkang tumuju tuwin nglacak ing babagan punika sampun asring dipunadani dalah katindataken dening para linangkung. Wilhelm Schmit prasasat tanpa kendhat anggenipun rekadaya amrih kasenbadaning sedya.

Basa-basa ing sadonya ingkang gunggunipun kalih ewon ( samangke gangsal ewon )
Wujudipun kathah ingkang mirip utawi meh sami. Manawi basa-basa ingkang mirip punika dipunkempalaken dados satunggal dhapur, basa ing donya punika kapilah dados 8 dhapur agung, inggih punika :
1. Dravidha
2. Indho Jerman
3. Austronesia
4. Smith
5. Tionghoa Tibet
6. Ural Altay
7. Niger Afrika
8. Indhian Amerika

Basa Indho Jerman ( Yunani,Latin,Inggris,Prancis,Jerman,Landi ) punika flektif, ateges ngginaaken fleksi, inggih punika ewah gingsir wujuding tembung aran nama deklinasi (we, our, us, ours) menggah tumrap tembung kriya kawastanan konjugasi (go, went, gone, goes, going).

Wondone basa Austronesia (Indonesia, Oceania) punika aglutif, aglutom (lim),lim-liman, tempel-tempelan, kadosta basa Jawi: tulis, tulisen, tulisna,daktuliske,koktulisi, daktulise, daknulis, lsp.

Sabibaripun Konggres Basa Jawa III 15-20 Juli 2001, kula gadhah cathetan informasi bilih basa Mandharin pinuturipun pinunjul kathahipun rank 1, kirang langkung 374 juta, basa Inggris rank 2,watawis 360 yuta (sumebar ing 34 negari) Basa Jawi mapan ing rank 11.
Salajengipun prelu katur bilih cacahipun tembung asli Indonesia (Melayu) punika wonten 125000,tembung ingkang asli Jawi 400000, Arab 600000, dene ingkang asli Inggris 1250000.

Kanyatan sejarah basa punika suka (give) tembung-tembung dhateng basa sanes , ugi tampi (take) tembung-tembung saking basa sanes. Pinten kemawon tembung Jawi ingkang tinampi ing basa Indonesia. Kosok wangsulanipun pinten kemawon basa manca ingkang damel ngrembakanipun basa Jawi.

Adhedhasar cacahing tembung kados-kados basa Jawi taksih migunani sanget kangge mekaripun basa Indonesia. Mekaten kosok wangsulanipun. Saupami, Indonesia punika bubar, basa Jawi kados pundi. No problem, tembung Jawi dhalang,gamelan, sawah, gotong-royong, sampun dados warga basa Inggris, tembung tempe, wayang, dhakon, nginang, sampun dados warga basa Landi. Utawi basa Jawi mandireng pribadi dados basa nasional kanthi proses alamiah salimrahipun.

Dados punapa basa Jawi punika taksih migunani, saestunipun inggih pinurba dening kawontenan, punapa taksih ingkang badhe ngginakaken,punapa badhe dipunginakaken, mekaten salajengipun.

Sumangga

(Sumber:Sudi Yatmana)

Tidak ada komentar:

Posting Komentar