Rabu, 11 Februari 2009

PARIBASAN-BEBASAN-SALOKA

DENING: MUTAQIN (GURU SMP 2 PAMOTAN REMBANG)

Adhang-adhang tetesing bun = ngarep-arep sih utawa pawewehing liyan.
Adigang, adigung, adiguna = ngedir-edirake kekuwatane (panguwasane), kaluhurane lan kagunane (kapinterane).
Adol lenga kari busik = wong dundum, nanging awake dhewe ora kepanduman.
Aji-aji wringin sungsang = kkalebet jinising aji-aji ingkang murugaken digdaya.
Ana catur mungkur = ora gelem ngrungokake (ngombyongi) rerasaning liyan kang bisa uga njlari tuwuhing padudon utawa regejegan.
Anak-anakan timun = ngopeni lare (limrahipun lare estri), sareng sampun diwasa dipun alap dados bojonipun piyambak.
Ancik-ancik pucuking eri = tansah ngandhut kuwater, amarga ora oleh atine wong kang dikawulani, ora oleh atine panggedhene lsp.
Andaka ketaman wisaya (tegese lugu : banting kena ing pasangan utawa piranti) = Wong prakaran, bareng rumangsa bakal kalah banjur lunga (minggat).
Angon ulat ngumbar tangan = maspaosaken ulatipun tiyang manawi limpe badhe dipun kutil barangipun.
Asu belang kalung uwang = wong asor, nanging sugih.
Asu gedhe menang kerahe = wong kuwasa (panggedhe) yen prakaran karo wong cilik, sanajan sing bener wonge cilik, lumrahe sing menang (dimenangake) wonge gedhe.
Asu munggah ing papahan = ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa. (Papahan = paga).
Atine landhep dhengkul Sn = manahipun kethul (welu) sanget.
Awak pendhek budi ciblek = rupinipun awon, manahipun inggih awon.
Bahni nempuh warih (Tegese lugu : geni nrajang banyu) = wong gugat-ginugat, sawise diadili wong prakaran salah siji banjur nggugat marang jaksa utawa pangadilan kang ngadili.
Bahni nempuh warih = wong prakaran, sawise diputus prakarane dening pangadilan, wong kang prakaran salah siji banjur nggugat marang jeksa utawa hakim kang ngadili. Bahni = geni. Warih = banyu.
Balung peking = balung alit. Entar : tiyang sekeng.
Bambon = panggenan panyadean candu, utawi : papan panyeretan.
Banyak-dhalang, sawung-galing, ardawalika = namaning upacara kaprabon awujud wadhah pinetha banyak-mas, sawung-mas, sawer-mas.(ardawalika = peparabipun ratu ing Malawa awujud naga).Mas N = jene K.
Bathang lelaku = wong siji lelungan ngambah dalan kang mbebayani (kang bisa uga njalari patine). Yen wong loro ditembungake "Bathang uca-ucap" (saupama sing siji mati sijine sing ngabar-ngabarake) Yen wong telu "Gotong mayit" (saupama sing siji mati sing loro nggotong).
Bathok bolu isi madu = wong asor, nanging sugih kaluwihan (kapinteran). Bathok bolu = bathok kang mawa bolongan telu.
Bau kapine (bau kapini) = mbedak-mbedakaken sadherek satunggal kaliyan satunggalipun, botenadil, ilon-ilonen. Kapine = dipun beda.
Bausastra = kamus, buku ingkang ngewrat tegesipun tembung-tembung.
Bebek diwuruki nglangi = tiyang sampun wasis dipun-wuruki.
Bebek mungsuh mliwis = tiyang pinter lelawanan kaliyan tiyang pinter, ingkang satunggal kawon ubed (kawon prigel). (Bebek kaliyan mliwis samidene wasis nglangi, nanging panglanginippun mliwis langkung prigel).
Bebek mungsuh mliwis = wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sing siji kalah prigel, kalah kulina. (Mliwis luwih wasis nglangi tinimbang bebek).
Belo milu seton = milu ing grubyug, nanging ora weruh ing rembug. Seton = watangan (gladhen perang ulah kaprajuritan sarana watang) ing dino setu, para prajurit kang gladhen perang padha nunggang jaran, tarkadhang ana belo kang nginthil.
Beras wutah arang mulih marang takere = samubarang kang wis owah, langka bisa pulih kaya maune.
Bisa ngrangkani kudhi = bisa momong wong kang angel banget sraten-sratenane.
Blandaring griyanipun sinangga ing bau-dhayang = sinangga ing krebil. Bau-dhanyang punika tumanceb ing saka lan nyanggi blandar utawi pangered.
Blilu tau, pinter durung nglakoni = sanajan bodho, sarehne wis tau nindakake, mesthi luwih prigel tinimbang karo wong sing pinter durung tau nindakake.
Bremara amangun lingga (tegese lugu : kombang ngrenggo salira ) = priya mamerake baguse utawa kaluwihane ana ing sangarepe wanita.
Bung pring petung = bocah kang walagang banget (longgor, gelis gedhe).
Busuk ketekuk, pinter keblinger = Sing bodho nglamai cilaka marga saka ora ngretine, sing pinter saka kurang wewekane.
Cacah sirah = petungan kehe barang kang anyawa tanpa ngelingi gedhe-ciliking barang kang dietung.
Cebol nggayuh lintang = wong sekeng darbe panggayuh gedhe, tangeh kasembadange.
Cengkir ketindhihan kiring = wong kang kalah prabawa dening kalah tuwa, kalah pangalaman. Uga kateges : wong kapengin omah-omah, nanging kapeksa dhurung bisa, amarga kepalangan sadulure kang luwih tuwa durung omah-omah.
Cincing-cincing klebus = ngirit-irit dadi ngorot-orot.
Cocak nguntal elo = tiyang gadhah panjangka ingkang boten majad kaliyan kekiyatanipun (tiyang sekeng gadhah panjangka ageng).
Criwis cawis = (diprentah) ing lair wegah, lan mbantah (madoni), nanging ing batin sumadhiya nedya nindakake, lan wasanane iya tumindak temenan.
Cuplak andheng-andheng ora prenah panggonane = sanak (sadulur, mitra) kang ngalan-alane prayoga disingkirake.
Dahat kalingga murda = saklangkung kapundhi ing mustaka.
Dakdhodhoge lawange, dakkinange jambe-suruhe = aku kang bakal nglantarake rembugmu marang dheweke, maksude : aku kang bakal nglamarake.
Dara gepak = (leresipun : widara gepak) = wangunipun griya jawi awujud griya kampung ngangge emper mubeng.
Dawa tangane = clemer, climut, purun mendhet darbekipun tiyang sanes.
Dhalang krubuhan panggung = wong kang kuweleh gorohe (kuwiyak alane), banjur mak cep-klakep ora wani nyuwara maneh. Pepindhane kaya dhalang kang lagi pocapan (carita), dumadakan panggungge ambruk ngebruki awake dhalang iku.
Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = (Tiyang) ingkang awon (lepat) dipun criyosaken sae (leres), ingkang sae (leres) dipun - criyosaken awon (lepat).
Dhanyang iku dhemit kang mbau-reksa panggonan = ingkang manggen, ngreksa lan nguwaosi.
Dhengkul iket-iketan = tiyang boten cakep (bodho)dipun dadosaken priyantun (jalaran kecelak kaliyan panginggilan).
Dicekoki indhing = wong lanang kang mung tansah nut miturut marng kareping bojone. Indhing = caweting pawadonan (nalikane wong wadon nggarap sari).
Dicuthat kaya cacing = ditundung ( dikon lunga) kanthi cara kang banget siya. Dicuthat = dicuthik banjur dibuwang sarana dikipatake.
Dijateni = dipun-blakani, dipun-criyosi ingkang sanyatanipun.
Dijuju kaya manuk = dipun-uja tedhanipun.
Disigar semangka = dipun palih byak, dipun-palih ingkang sami agengipun utawi jembaripun.
Ditangani = dipun pisakit sarana tangan, kadosta dipun-tempiling.
Diulungake endhase digondheli buntute = nedya menehi, nanging ing batin isih owel, mulane ora sida diulungake.
Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = wong liya, nanging yen wong iku nganti nandhang ora kepenak, mesthi dibelani.
Dudutan lan anculan = wong loro kang wis padha kekethekan. Anculan = memeden ing sawah saka cumplung lan gombalan pinetha wong-wongan, dienggo medeni ama (manuk). Dudutan = piranti awujud tali dienggo ndudut (ngobah ake) anculan.
Durjana matiraga (tegese lugu : maling tirakat) = wong ala atekad pati.
Durung ilang pupu lempuyane = dipadhakake bocah cilik kang durung ialng pupuk lempuyange (embun-embunane isih kudu mawa pupuk lempuyang)
Durung kebak keselak jujul = durung akeh kawruhe, kepengin pamer.
Durung pecus keselak besus = durung sembada, wis kepengin sing neka-neka, kayata kepengin omah-omah (jejodhoan).
Emban cindhe emban siladan = ora padha pangrengkuhe marang siji lan sijine (sanajan padha dene sadulur, padha dene murid lsp). Siladan = irat-iratan pring (penjalin).
Endhas dienggo sikil, sikil dienggo endhas = mangupajiwa (nyambut-damel) ingkang kanthi rekaos sanget.
Endhas digawe sikil,sikil digawe endhas = nyambut gawe (mangupajiwa) kang kanthi rekasa banget.
Endhas gundhul dikepeti = wis kapenak uripe saya diwuwuhi kapenake.
Endhasing kali = peranganing kali kang cedhak karo etuke.
Endhog sapatarangan, pecah siji pecah kabeh = tiyang sawatawis (kathah) ingkang sampun sami patembayan nedya sabaya-pejah.
Enya dhadha endi rai = (Ukara panantang) ayo padha adu arep, aja kedumelan (grenengan) ana ing buri.
Gagak lincak = (tiyang ingkang ) wongsal-wangsul pindhah panggenan.
Gagak nganggo elaring merak = wong asor kang caraning uripe (nyandhang-manganggone lsp.) niru wong gedhe.
Gagak nganggo elaring merak = wong cilik (wong asor) kang caraning uripe niru wong gedhe.
Gagak nganggo laring merak = Tiyang asor, caraning gesangipun kados tiyang ageng.
Gajah marani wantilan = kutuk marani sunduk = Ula marani gitik = wong kang sengaja marani bebaya. Wantilan = (pathok) panancangan gajah.
Gajah meta cinancang wit sidaguri, patine cinekar ngayam = Kraman aran Dirana (anaking sratine gajah aran Dirada) kepikut, dicancang ing wit sidaguri, wasanane tumeka ing pati dirampog sarana dicocogi dom.
Gajah ngidak rapah = wong kang nerak wewalere dhewe. Rapah = gegodhongan lan rerencekan kang mblasah ing lemah.
Gajah tumbuk kancil mati ing tengah = wong gedhe pasulayan karo wong gedhe, wong cilik kang ngalami cilaka.
Gambret singang, mrekatak ora ana sing ngeneni = prawan kenes ora payu laki, amerga ora ana pria (jejaka) kang gelem ngrabi. Gambret = kenes. Nggambret = ngganda wangi.
Gawe luwangan, ngurugi luwangan = golek utangan anyar dienggo nyaur utange lawas.
Gedhe endhase = kumlungkung, gumendhung, angkuh, ngedir-edirake, kibir, ujubriya.
Giri lusi janma tan kena ingina = salagine lusi (cacing) bisa nggremet tekan giri (gunung), apa maneh manungsa, saya ora kena diina.
Glathik sakurungan = tiyang sawatawis (kathah) sampun nunggil pikajengan.
Godhonge legen wis kumrambut = wis meh kenthel, yen dicidhuk katon mulur pating klewer kaya rambut.
Golek-golek ketanggor wong luru-luru = mbutuhake barang, nembung nyilih (njaluk) marang liyan, nanging sing ditembungi uga mbutuhake barang iku, lan lagi arep nyilih (njaluk) marang liyan.
Gondhelan kolor kathok = wong wadon kang wegah pisah karo sing lanang.
Gondhelan poncoting tapih = wong lanang kang wegah pisah karo rabine.
Gong lumaku tinabuh = wong kang kumudu-kudu ditakoni.
Gong muni sasele = mriksa prakara mung sarana ngrungokake paturane wong siji, wong sijine (lawanane prakaran) tanpa dititi-priksa.
Gora getih nemu riris (tegese lugu : getih gedhe nemu udan) = wong kerengan ana ing panggonaning liyan nganti ketaton lan ngetokake getih akeh, bareng wong kang duwe panggonan(omah) nedya misah milu ketaton.
Griyanipun ngglatik mungup = griyanipun apayon gendheng (awarni abrit), payonipun ing sisih ngajeng seng (awarni pethak), dados sipatipun kados cucukipun glathik.
Idu didilat maneh = nyeled kesaguhan, njabel janji kang wis dilairake.
Jago adon N = sawung abenan K = sawung ingkang dipuneben.
Jago godhogan = sawung belehan ; entar : tiyang jirihan.
Jago kate wanine ana ing omahe = tiyang jirih (alitan manah), boten wani ngetohaken jiwa-raga labet nusa-bangsa.
Jago mlile = sawung ingkang boten wani kaliyan babon.
Jaran krubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok), amarga wis tau ngalami sangsara.
Jati ketlusuban ruyung = gegolongane wong becik klebon wong ala watake. Utawa gegolongane wong becik klebon telik.
Jati ketlusuban ruyung = I klebetan telik. II Gegolonganipun tetiyang sae klebetan (kecampuran) tiyang awon.
Jumambak manak, jumebeng meteng = wong wadon kang kerep banget duwe anak; saben rambute anake wis jumebeng (meh jumambak), dheweke meteng, tumekaning rambute anake jumambak, dheweke manak.
Kacang tinggal lanjaran = wong kang kaanane ora kaya wong tuwane, kayata : anake wong awatak asor dadi luhur ing budi, anake wong jirih dadi kendel, utawa kosok baline.
Kadang konang = kang diaku sadulur mung kang kasinungan kaluwihan, kayata : sing sugih, sing dadi priyayi lsp.
Karang-ulu (tegese lugu :papan sirah, panggonan sirah) = kajang sirah , bantal.
Kari pinjung = wong wadon kang olehe nglabuhi guru lakine nganti mlarat anget. Pinjung = tapih. Pinjungan = tapihan kang poncoting jarit ing sisih dhuwur dilangkip dienggo nutupi susu.
Katepang ngrangsang gunung = wong kang kegedhen panjangka. Katepang = jinise krokot kang lumrahe mrambat ing wit, godhonge bunder-bunder.
Kawuk ora weruh marang salirane = nacad marang liyan ora ngrumangsani yen awake dhewe luwih gedhe cacade tinimbang wong kang dicacad. Kawuk = salira tuwa.
Kawuk ora weruh marang salirane = nacad tiyang sanes, boten mangretos bilih badanipun piyambak langkung awon tinimbang kaliyan tiyang ingkang dipun cacad. Salira = menyawak. Kawuk = salira ingkang sampun sepuh.
Kebat kliwat, gancang pincang = yen olehe nindakake kanthi rerikatan (kesusu), adate wohe ora kebeneran (ora maremake).
Kebo mulih ing kandhange = pangkat kang oncat saka sawijining waris (pangkat kang kegayuhe sarana pilihan kayata lurah), wasanane bisa bali marang waris iku maneh.
Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom.
Kedhep tesmak = ora kedhep-kedhep panyawange.
Kegedhen endhas kurang utek = keladuk panjangkane (ora timbang karo kaanane).
Kekudhung walulang macan = nganggo aling-aling panggedhe (wong kang darbe panguasa), supaya gampang kalakone kang sinedya.
Kelacak kepathak = wis terang banget kaluputane nganti ora bakal bisa mungkir, amarga wis kebukten lacak lan pathake kewan kang ilang.
Kemladheyan ngajak sempal = sadherek ingkang ngajak karisakan.
kemladheyan ngajak sempal = sanak (sadulur, mitra) kang ngajak karusakan.
Kemladheyan ngajak sempal = sanak -sadulur kang ngajak karusakan.
Kendhangan dhengkul = namung kantun seneng-seneng, ngeca-eca.
Kendhit mimang kadang dewa = kalis ing bebaya (boten saged ketaman pangrenahing mengsah). Mimang = oyod wringin, asring kangge nullak bebaya sarana dipun-kendhitaken.
Kendhit mimang, kadang dewa = luput ing pangrenah/pialaning liyan, kalis ing bebaya, paekaning mungsuh ora bisa tumama. Mimang = oyod wringin (sok dienggo nulak bebaya sarana dikendhitake).
Kenes ora ethes = wanita (pemudhi) sugih umuk, toging endon ora bisa mrantasi gawe.
Kepala desa N = kepala dhusun K = lurah dhusun, pangagenging dhusun.
Kepara-kepere = ora padha pangedume, ana sing kaduk lan ana sing kesethithiken.
Kerigen sacindhile abang, caweta sawadone = wadya balamu wetokna kabeh tekan bocah-bocah pisan, dalasan wong-wonge wadon konen padha cawetan melu lumawan.
Kerot ora duwe untu = darbe panjangka utawa kepengin ada-ada, nanging ora duwe sarana (ora duwe wragad).
Kesasaban tapih = wong lanang kang sarwa kalah karo sing wadon.
Kethek saranggon = wong ala sagrombolan, utawa : wong sasanak-sadulur padha dadi wong ala kabeh.
Kuncung nganti gelung = wiwit isih bocah cilik nganti tumekake diwasa.
Kuntul diunekake dhandhang, dhandhang diunekake kuntul = kang becik dikandhakake ala , kang ala dikandhakake becik.
Kuru semangka = lemu sanget (ngantos badanipun prsasat boten wonten peranganipun ingkang menggik. Semangka punika boten wonten menggikipun).
Kurung munggah lumbung = garwa klangenan (selir) didadekake garwa padmi.
Kutuk marani sunduk = wong kang njarak marang kacilakan.
Lahang karoban manis = (Tegese lugu : legen kebanjiran memanis) = rupane ayu utawa bagus tur luhur bebudene.
Lawanan banda = memungsuhan karo wong kang lagi apes, pepindhane kaya wong pancakara karo wong kang tangane dibanda.
Lelancuring praja = tetunggulipun tiyang sanagari. (Lancur = laring buntut sawung).
Lengkak-lengkok ora wurung ngumbah popok = bocah wadon ditari laki ing sakawit mopo, wasanane gelem, malah klakon duwe anak (ngumbah popok)
Macan guguh = wong gedhe sanajan wis ilang panguwasane meksa isih katon mrebawa. Guguh = wis entek untune.
Madu balung tanpa isi = regejegan pepadon prakara sapele (Madu = am + padu).
Madu balung tanpa isi = regejegan pepadon prakara sapele.
Malik klambi = mbalik ngiloni mungsuh.
Manuk mencok dudu pencokane, rupa dudu rupane = samukawis ingkang nyalawados kedah dipun- kawekani.
Manuk mencok dudu pencokane,rupa dudu rupane = samubarang kang nyalawadi kudu dikawekani.
Manuk peking = 1. jinisipun peksi emprit alit. II. Entar : tiyang sekeng (ringkih , mlarat).
Mbidhung api rowang = salugune nedya mbidhung, nanging api-api tetulung.
Merang lengen = ngungasaken kadigdayanipun. Ing jaman miyen limrah tiyang mameraken kadigdayanipun sarana merang lengnipun ingkang bpoten pasah dedamel. Merang = am+perang.
Nabok nyilih tangan = namakake panggawe ala sarana kongkonan.
Nabok nyilih tangan = namakaken pandamel awon sarana kengkenan.
Netra kepala = mripat limrah ingkang katingal ing sirah, kosok-wangsulipun :netra pramana, mripat ingkang boten katingal, mripat batos.
Ngagar metu kawul = nggegasah (ngojok=ojoki murih dadine pasulayan), nanging kang digegasah ora pasah.
Ngangsu banyu ing kranjang = maguru, sawise oleh ngelmu, ngelmu oleh-olehane maguru ora dipigunakake.
Ngarangulu = ngalap warandha tilas bojonipun sadherek sepuh.
Ngaub awar-awar = ngenger utawi ngawula dhateng tiyang sekeng , tiyang ingkang boten sugih utawi ingkang boten gadhah panguwaos.
Ngaup awar-awar = ngawula utawa ngayom marang wong mlarat utawa wong ora duwe panguwasa. Awar-awar = jinise tetuwuhan cilik kang godhonge ora ngrembuyung.
Ngendhat tali murda = nglalu pati sarana nggantung.
Nggagaki (Nggagoki) = mendhet lan nedha sajen.
Nggegalak racak, nenangi kemreki, ngungkat-ungkat singgat = nggugah kekarepan ala.
Nggoleki tapake kuntul nglayang = nggoleki nyawa kang wis oncat saka raga.
Nggutuk lor kena kidul = ngandhani (mituturi) sarana ditibakake wong liya.
Ngiket-iketi dhengkul (Ngopyahi dhengkul, nasabi dhengkul) = mikantukaken sanak sadherekipun piyambak (mitranipun piyambak, golonganipun piyambak).
Ngiras-ngirus = wis mangan sarana njupuk nganggo tangan saka ing wadhahe, ndadak banjur nyidhuk sarana irus. Maksude : nindakake pagawean kang baku lan uga pagawean liyane. Tuladhange : Nglakoni ayahan nagara menyang Jakarta, ngiras- ngirus (nyambi) niliki anake kang ana ing kana.
Ngirit-irit dadi ngorot-orot = niyate ngirit sarana ngetokake wragad (dhuwit) saka sathithik, nanging wasanane mandar saya luwih akih wragad kang diwetokake.
Nglancipi singating andaka = wewadul marang panggedhe, supaya nibakake deduka marang wong kang diwadulake. (Andaka = bantheng, nandaka, angun-angun).
Nglangkahi oyod mimang = bingung.
Nglungguhi klasa gumelar = mung kari nemu kepenake, kabeh-kabeh wis sarwa samekta.
Ngopyahi dhengkul/Ngiket-iketi dhengkul/Nasabi dhengkul = mikolehake sadulure dhewe.
Ngregem kemarung = momong wong kang angel wewatakane (bisa uga njalari cilaka). Kemarung = erining gembolo.
Ngubak-ubak banyu bening = gawe rerusuh ana ing panggonan kang tentrem.
Ngudang siyunge Bathara Kala = nantang sudukan. Sudukan iku sarana keris. Mulane wong nantang sudukan ditembungake "Ngudang siyunge Bathara Kala", amarga miturut caritane padhalangan siyunge Bathara Kala dijabut dening Bathara Guru lan disabdakake dadi keris, jenege keris Kalanadhah, tegese : keris kang kadadean saka pirantine Nadhah Bathara Kala. (Nadhah = mangan).
Nguthik-uthik macan dhedhe = ganggu-gawe marang wong kang wis lilih nepsune. Dhedhe = kekaring ing panasan.
Nguyang lara nggenjah pati = njarag ngalami cilaka, bisa uga njalari tumeka ing pati. Nguyang = lunga menyang panggonan liya prelu tuku pari. Nggenjah pati = ngenggalake pati.
Nini-nini paes = nganyarake barang kang wis lawas, wis rusak lan wis ala.
Nitipake daging saerep = tetembungane wong masrahake anake wadon marang priya kang ngalap bojo. Saerep = salapis, sairis.
Njagakake endhoge si blorok = njagakaken (ngendel-endelaken) punapa-punapa ingkang dereng kantenan.
Njagoni (njagoi) = mbotohi.
Nucuk ngiberake = (Tamu) dipun-segah, sampun nedha wonten ing griyanipun ingkang dipun-tamoni, mantukipun mbrekat.
Nucuk ngiberake = wong disuguh, sawise mangan sacukupe, banjur mulihe mbrekat. Pepindhane manuk neba, sawise mangan ngenggon, banjur nggawa mulih panunggalane kang dipangan.
Nututi balang wis tiba = nusuli tetmbungan (kasaguhan) kang wis dilairake marang liyan, nusuli rembug anyar.
Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang wis rusak banget, sing sawise didandani, ora antara suwe banjur rusak maneh lan banjur dibuwang.
Nyempal sambi mncal = wong ngawula minggat kanthi nggawa barang - barange wong kang dikawulani. Prahu mancal = mangkat lelayaran, kosok-baline : prahu labuh.
Nyered pring saka pucuk = nggarap pagawean kanthi cara kang kliru, satemah pagawean kang pancene gampang panggarape banjur dadi angel.
Nyugokake bugel kayu sempu = ngajokake (njagokake) wong kang kurang kapinterane, amarga wong iku isih mabu sadulur utawa mitra sinarawedi.
Nyunggi lumpang kentheng = ngrabi wanita atmajane wong gedhe (wong kuwasa) kanthi maksud supaya antuk pangayoman, nanging pangayoman kang ditampa ora sumbut karo aboting tanggungane. (Lumpang kentheng = lumpang watu gedhe).
Obah ngarep kobet buri = yen wong sing dadi pangarep (kepala) gelem tumindak kanthi kemempengan utawa gelem ada-ada, para andhahane mesthi niru kaya mangkono.
Olehe jenthik arep dijempol = (barang) anggenipun nedha badhe dipun-tedha.
Opor bebek mateng awake dhewek = (Tiyang ingkang ) saged mentas saking kaskayanipun piyambak. (Saged madeg piyambak tanpa pitulunganipun tiyang sanes).
Ora ganja ora unus = ora ana pepethingane babar pisan (ora nduweni kaluwihan apa-apa. Ora bandha, ora pinter, ora luhur ing budi).
Ora gembung ora irung = mlarat sanget, boten gadhah punapa-punapa.
Ora kena kepidak ayang-ayangane = angkuh sanget, ladak sanget.
Ora keris nanging keras = ora pinter (ora cakep), nanging bisa gawe gelar kang njalari kapracayaning liyan.
Ora ketang suku jaja teken janggut = sanajan kanthi rekaos sanget meksa dipun-lampahi.
Ora thothok-jawil = ora ngabari lan ora njaluk rembug marang wong kang pantes dijaluki pamrayoga.
Ora uwur ora sembur = ora mwnehi pawitan awujud bandha lan ora menehi iguh pratikel kanggo sanguning urip madeg dhewe.
Pagawean bausuku = padamelan angkat-junjung , padamelan kasar.
Pajeg pasirah = pajeg kepala, pajeg kang tumrap kabeh wong.
Pandhita endhog (pandhitaning antelu, pandhitaning antiga) = tiyang ingkang katingalipun (ing lair) suci, nanging batosipun boten suci. (Antelu = antiga, endhog N, tigan K).
Pangulu landrat = pangulu warganing pangadilan landrat ingkang kuwajiban nyumpah lsp.
Panguluning agama = pangagengipun agami.
Payung bebek = Caping bebek = payung (caping) ingkang kadamel saking blarak, gebang utawi clumpring bambu.
Peking abuntut bedhug = prakawis alit tundonipun lajeng dados (nuwunaken) prakawis ageng. (Emprit abuntut bedhug).
Pidak padarakan cekel longaning bale = tiyang ingkang asor sanget. Cekel = murid utwi baturipun pendhita (Dasamanipun :cantrik, manguyu, jejanggan, uluguntung . Manawi estri:endhang, abet-abet).
Pidak sikil jawil mungkur = tiyang kalih ingkang sampun sami kekethikan.
Pitik trondhol dibubuti = tiyang mlarat dipun-rog (dipun kuras) barang-darbekipun.
Pitik trondhol dibubuti wulune = wong mlarat dikuras barang darbeke.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan = tiyang kacingkrangan dipun-pitados nyepeng (simpen) yatra utawi rumeksa barang-barang.
Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong kekurangan dipracaya nyekel dhuwit utawa dipracaya rumeksa rajabrana.
Pokrul bambu = pokrul ingkang boten wedalan saking pamulanganluhur. Lacuting ginem dipun-tembungaken ,,pokrul bambu apus". (apus = namanipun bambu ingkang kenging dipun-engge kelat utawi tangsul. Apus = tangsul). Pokrul = juru mbombong (ngembani) prakawis wonten ing pangadilan.
Praja kabalimurda (tegese lugu : nagara kasungsang sirahe) = ratu nggugat wong cilik utawa rakyat.
Pupur sawise benjut = olehe weweka sawise ngalami kapitunan utawa panandhang.
Ramban - ramban tanggung =ngembet wong (narka, ndakwa),nanging ora bisa mratelakake jenenge wong kang diembet
Ratu agung anyakrawati abau-dhendha = Ratu ageng mangreh jagat alengen gada. Maksudipun : Ratu ingkang kawaos sanget.Cakrawartti (cakrawartin) JK = ing padhalangan : cakrawati, anyakrawati) = ingkang ngubengaken jagat, ingkang mangreh (nguwaosi) jagat.
Sadumuk bathuk, sanyari bumi = pepadon prakaralemah utawa wanita, lumrah dilabuhi nganti tumeka ing pati.
Sanggar waringin = saged asung pangayoman dhateng kadangkadeyan.
Sarambut pinara pitu, sarambut pinara sewu, sarema pinara sasra = pepindhane barang kang lembut banget, dienggo mbangetake surasa.
Saron peking = saron alit, saron panacah, saron panitir, centhe.
Saur manuk = saur peksi K = saur kukila Kw = mangsuli boten sesarengan.
Sedhakep asuku tunggal, nutupi babahan hawa sesanga = tanganipun sedhakep, sukunipun dipun dadosaken satunggal (dipun-dhempetaken),
Sedhakep ngawe-awe = sampun mbucal pakaremanipun awon, nanging batos taksih kapengin nindakaken malih.
Sedhakep ngawe-awe = wis mareni pakaremane ala, nanging ing batin isih kapengin nindakake.
Semangka jingga = semangka ingkang ing nglebet / dagingipun awarni abrit.
Semut ngedu gajah = wong cilik ngedu wong gedhe.
Setan nunggang gajah = wong kang mung murih kapenake dhewe bae.
Singa papa ngulati mangsa (tegese lugu : singa sangsara golek memangsan) = wong gedhe kang uripe kecingkrangan (rusak ekonomine) menyang desa ing adesa ngupaya kabutuhan.
Singidan nemu macan = kanthi dhedhemitan ngambah dalan kang kiwa (supaya aja nganti ana wong sing ngreti), nanging malah kawruhan panggedene.
Suduk gunting tatu loro = tumindak ing gawe sapisan kang ora kabeneran, njalari kapitunan rong warna.
Sukunipun (lampahipun) impur = manawi mlampah dhengkulipun badhe gethuk (kadddddos mangun aksara latin X); kosok wangsulipun wagah, yen mlampah dhengkulipun manjawi (kados mangun aksara O).
Sumengka pangawak braja (Tegesipun lugu : minggah kados angin ageng) = kumendel, kamipurun. Kadosta : sowan (marak) ratu tanpa dipun timbali.
Sumur lumaku tinimba = wong kang kumudu-kudu diguroni.
Tai manuk = enjet N, apu K (manawi dipun-sebutaken ing wanci dalu).
Tangan ceko = tangan bengkong ingkang boten kenging dipun leresaken.
Tangan kwaga = tangan celak semu bengkong.
Tapak dara = I.Namaning tetuwuhan. II Cagaking debog kelir ringgit.
Tapak jalak = Tandha (gambar) prasakawanan minangka lelintunipun tandha-tangan.
Tau tate ngrupak jajahaning mungsuh, ngelar laladaning rowang, mbedhah praja mboyong putri = tau tate nyiyutake wilayahe mungsuh, njembarake dhaerahe kanca ( dhaerahe ratune utawa bangsane) , ngalahake nagara liya lan mboyong para putrine.
Tawon endhas = tawon kang omahe gumandhul nganti sasirah gedhene.
Tekek mati ulone = wong kang ngalami cilaka amarga saka guneme dhewe.
Tesmak bathok = ora idhep isin (ora duwe isin).
Thathit ngima unthit = tegese lugu : thathit ana ing ima (mega) mobat-mabit. Maksude : panggedhe kang ngatonake panguwasane (bisa nggawe cilakaning andhahane).
Tigan kaapit ing sela = wong ringkih (wong apes, wong sekeng) lelawanan karo wong sentosa tur dibut loro.
Tigan kaapit ing sela = wong ringkih memungsuhan karo wong sentosa tur dibut loro.
Timun jinara (Tegesipun lugu : timun dipun-ebur) = pakarya ingkang gampil sanget.
Timun mungsuh duren = wong sekeng (ringkih) lelawanan karo wong sentosa.
Timun wungkuk jaga imbuh = wong bodho, kanggone manawa ana kekurangan.
Tinigas murdanya . Basa salah-kaprah, benere : tinigas jangganya = dikethok gulune.
Ula marani gitik = Kutuk marani sunduk.
Ulu-ati = pulung-ati.
Ulubalang Kw = panggedhening prajurit, senapati.
Uluguntung = cekel,cantrik,manguyu, jejanggan (yen wadon : endhang, abet-abet), kabeh iku muride (abdine) pandhita.
Ulu-uluning banyu = punggawa dhusun ingkang ngurus babagan toya.
Untune ngelar kombang = awarna ireng gilap kaya warnane elar kombang.
Wastra bedhah kayu pokah = ketaton nganti putung balunge. Wastra (sandhangan, jarit) pepindhaning kulit (daging), kayu pepindhaning balung.
Wastra lungsed ing sampiran = kawruh ilang jalaran ora tau kanggo.
Wedang lelaku tumper cinawetan = bocah karam jadah (dumadine amarga biyunge laku zina) dipepindhakake barang panas (wedang, tumper), disingkiri dening bocah-bocah. Tumper = kayu satengkel kang wis kobong saperangan nanging genine isih mengangah.
Wedang lelaku tumper cinawetan = bocah karam jadah disirik dening bocah-bocah liyane, amarga dianggep panas, pepindhane kaya wedang panas kang wutah lan mili, utawa kaya tumper kang isih ana genine diglundhungake. Tumper = tengkelan kayu kang ana genine menggagah. Cinawetan = ditrapi cawet. Cawet iku barang sembet ( bahan kang dienggo nutupi planangan (pawadonan) sarana diubedake ing bangkekan lan kaslusupake ing antarane wlakang. (wong Banyumas ngarani lancingan, sing lumrah nganggo lancingan wong lanang).
Wedhus diumbar ing pakacangan = pitik trondhol diumbar ing padaringan.
Wong lanang iku kudu katon dhadhane = kudu wani adu arep.
Wong wadon iku swarga nunut, nraka katut = begja cilakane wong wadon iku gumantung marang guru lakine.
Wong wadon utawa wong lanang kang abau laweyan, bojone ora dawa umure = ingkang mawa ciri lekiking singkap utawi ing epoking bau.
Wringin kurung = wringin ingkang dipun-pageri mubeng ing tengahing alun-alun.
Yen jiyarah ing pasarean (kuburan) lungguhe aja ana ing ulon-ulon, kudu ana ing dagan = aja ana ing papan kaprenah sadhuwure sirah, kudu ana ing sangisore sikil.
Yitna yuwana, lena kena = (yen) weweka raharja, (yen) pepeka bakal cilaka
Yuwana mati lena = wong becik bebudene ngalami cilaka, marga ora weweka.
Yuyu rumpung barong ronge = wong mlarat, nanging omahe njenggarang gedhe. Yuyu rumpung = yuyu kang gothang (prothul) sikile. Mbarong = amba njlegodhah.

Tidak ada komentar:

Poskan Komentar