Rabu, 18 Februari 2009

Asal-usul Rembang

Dening : Mutaqin

Miturut asal-usule, nama Rembang mono kaya sing dingendikakake “mBah Guru” ing “Sejarah Rembang”. Dene mula bukane nama Rembang mangkene
… Watara nalika taun syaka : 1336, ana wong Cempa Banjarmlati watara wolung brayat sing padha pinter nggawe gula-tebu nalika ning negarane…. Wong-wong mau padha pindhah misah nedya ngudi ngawe gula tebu abang sing ora kepokil-kemisil kuwi, mangkate liwat segara ngener mangulon nuli ndharat ring sungapane kali kang gisike serta kanan kirine nuli thukul nggenggeng lebeng wit Bongaow ( Ind : Bakau = Jaw : Bengkat ). Nggone pindhah kuwi disesepuhi dening Kakek Pow Ie Din. Sawise ndharat si Kakek nuli nganakake mantram lan semadi, banjur wiwit nebang wit bongaow mau kang banjur diterusake dening wong-wong liyane. Bumi bubukan kuwi banjur digawe pategalan lan pekarangan sarta teba, ing sabnajure teba kuwi dijenengake, teba : KABONGAN ; njupuk tembung saka arane wit Bongaow, dadi Ka-Bongaow-an (Kabongan)
… Nuju sawijining dina wayah pajar pagat raina ing sasi Waisaka … ; wong-wong mau areo miwiti ngrembang ( nebang = mbabat ) tebu. Sadurunge miwiti ngrembang dianakake Upacara Suci Sembahyang lan Semadi neng panggonan tebu sedhapur kang wiwit/sakawit arep dikepras rong wit, minangka kanggo tebu “Penganten”. Upacara pangeprasan kuwi arane : “ngrembang sakawit”…
Mengkono mau asal mula bukane tembung : “ngrembang” nganti didadekake jenenge kutha REMBANG tumekane wektu saiki iki ….

( Sejarah dan Hari Jadi Kabupaten Rembang )

1 komentar:

  1. Sugeng enjing Pak, kulo seneng banget karo Blog niki. Isinipun seputar budaya Jawa. Menawi kedah wektu, niki artinipum mopo nggeh?Matur suwun
    .watara wolung brayat
    .nedya ngudi
    .kepokil-kemisil
    .ngener mangulon nuli ndharat ring sungapane kali kang gisike
    .nggenggeng lebeng
    .teba
    .wayah pajar pagat
    :)

    BalasHapus