Rabu, 04 Februari 2009

AJA MANGAN BRUTU MUNDHAK LALINAN

( SING NULIS: MUTAQIN GURU SMP 2 PAMOTAN )


Nalika arep mapan turu, aku kelingan karo kadadeyan telung puluh lima taun kepungkur. Ndhek semana simbok nyembeleh pitik, amarga anake akeh simbok ngendika: “Cung, cah cilik aja mangan brutu mbesuk mundhak lalinan! Bocah cilik iku aja mangan rempela ati ora ilok! Bocah cilik iku apike mangan endhas supaya mbesuk bisa dadi lurah ( kepala desa ). Yen ora endhas ya bagian cakar, mbesuk ben bisa ceker-ceker pinter nggolek rejeki.”
Aku klebu bocah sing tawaduk marang wong tuwa. Apa dhawuhe wong tuwaku taknut ngono wae. Nanging bareng aku crita kancaku, aku digendheng-gendhengna. Jarene aku diapusi, diakali. Pancene brutu iku inuk, gembuk, mula ora diwenehake aku nanging dicaosake bapakku. Ya bener rempela ati iku gurih, mula ora diwenehake bocah cilik, nanging kanggo wong tuwa.
Lha nek endhas utawa cakar jarene kancaku iku ben awet. Dadi merga olehe nyembeleh pitik mung siji, yen diwenehi brutu utawa ati, dipangan mak telep wis entek. Yen arep nyuwun maneh simbok bingung. Mula diwenehi endhas utawa cakar, dicokat-cokot ben awet.
Aku ora nggagas akeh-akeh kandhane kancaku mau. Aku tetep percaya karo ngendikane simbok. Nanging aku ora ngerti apa maksude tembung “mundhak lalinan, ora ilok” iku mau.
Bareng kelas loro SPG aku lagi ngerti jawaban sing nalar ngenani ngendikane simbok ndhek semana “tembung mundhak lalinan lan ora ilok”.
Guruku Biologi nerangake yen brutu lan jeroan, ya ana ati, rempela utawa usus lan jantung barang iku pancen rasane enak lan gurih. Enak lan gurihe iku mau ana sebabe, yaiku “kandhutan lemake akeh” mula rasane gurih. Uga “ngandhut kolesterol” sing dhuwur. Beda karo endhas lan cakar. Endhas lan cakar pitik iku sing akeh kandhutan proteine.
Sawise diterangake guruku mau, aku lagi sadhar yen pancen mangan brutu lan rempela ati iku kanggone bocah cilik ora apik. Amarga bocah cilik yen kakehan diwenehi pangan kang akeh lemake lan kandhutane kolesterol dhuwur bakal ndadekake kelemon awake utawa obesitas. Yen wis obesitas bakal gampang kena lelara. Dharah tinggi, stroke lan lelara liayane.
Endhas lan cakar pancen apik kanggo bocah cilik, amarga akeh kandhutan proteine. Protein iku apik banget kanggo perkembangan otak supaya bocah dadi pinter. Lha, yen pinter bakal bisa dadi lurah lan pinter nggolek rejeki.
Pranyata bener ngendikane simbokku? Mung wae simbok ora bisa nerangake sacara nalar, amarga simbok ora sekolah lan dudu ewone akademisi saka perguruan tinggi. Sejatine pituture wong Jawa kaya simbokku mau akeh banget. Mbesuk maneh ya…!
Mula aja mangan brutu, mundhak lalinan!

( Lasem, 04 Februari 2009 )

Tidak ada komentar:

Posting Komentar