Sabtu, 13 Februari 2010

Filsafat Sarung

Lik Darno duwe klangenan ngingoni perkutut. Ora mung siji perkutute, malah kepara ana lima. Saliyane manggunge sing kung kanggo ngregengake swasana, yen ana sing nuku bisa kanggo kena tambahan pemasukan. Ing atase mung dodol es goreng wae sing saben dina mlebu lurung mblusuk kampung kok bisa lunga kaji sekaliyan. Mari teka kaji, Lik Darno wis langsung disuwuni laptop putrane sing sekolah ing SMA. Dene anake sing lagi kelas lima SD iya emoh kari, dheweke nyuwun HP sing nganggo kamera. Jarene kareben ora gaptek (gagap teknologi).
Yen dipikir, yen dipetung mesthi ora masuk akal lan ora klebu nalar. Lik Darno kok bisa lunga kaji sekaliyan. Tanggane padha eram lan gumun. Dietung nganggo rumus matematika sing apa wae ora masuk akal. Nanging iku kasunyatan. Ya iki sing araning “rahasia Illahi” ora bisa dietung nganggo driji.
Kaya jamak lumrahe wong yen wis bali munggah kaji, sarung lan peci mesthi ora bakal uwal saka dhiri pribadi.
Nuju dina Jum’at Lik Darno njarak ora dodol es goreng kaya adat sabene. Amarga Lik Darno wis gembleng tekade, sawise kaji saben dina Jum’at dheweke prei.
Kurang luwih jam wolu, Lik Darno metu saka ngomah saprelu ngerek perkutute ing cagak pring kang digawe jejer-jejer lima cacahe. Kebeneran nalika ngerek perkutut, Lik Darno nganggo sarung lan peci kaji. Ndilalah sarunge ora pati singset anggone bebetan mula krasa rada arep mrojol. Karo ndhangak ngingetna perkutute, tangan tengen ngerek tali perkutut, sing kiwa mbesuwelna sarunge. Gantian sing kiwa narik tali, sing tengen mbesuwelna sarunge.
Dumadakan,…Yu Parti tangga kulon omahe Lik Darno ya sing isih sedulur misanan karo Lik Darno celathu rada seru:
“Lik Darno, manukmu kok gedhi…!”
Mak dheg, atine trataban. Lik Darno sanalika nguculake tali sing dicekeli kanggo ngerek perkutut mau banjur tangane loro karo enggal nyekeli sarunge karo digrayang mangisor, banjur nyambung: “Sarungku genah isih ngisor dhengkul ngene kok Yu Parti. Jaremu mau kok ….gedhi.”
Krungu wangsulane Lik Darno ngono mau, Yu Parti ngguyu kepingkel-pingkel karo nyedhaki kurungan sing tiba mak brok, merga taline diculake Lik Darno. Karo rada pecengisan Yu Parti nylethuk: “Maksudku sing gedhi ya perkututmu iki! Ora liya-liyane. Aja sing ora-ora ga…!”
Bareng Yu Parti nerangake kaya mangkono Lik Darno semu rada getun sinambi ngedumel: “Tiwas taline tak culake. Wah…malah perkututku mati. Piye iki Yu Parti?”
Wangsulane Yu Parti cekak aos: “Mati ya wis, berarti perkutut iki ora bagianmu, ora rejekimu. Wis ora usah dipikir dawa-dawa!”
Kanthi lelandhesan prastawa kang dilakoni Lik Darno, para maos bisa njupuk piwulang becik saka sarung.
Tumrape para santri, para sedulur-sedulur wong Islam umume nganggo sarung mono pancen kepenak banget. Sarung mbokmenawa wae fungsi utamane kanggo sholat. Ananging saliyane kanggo sholat, sarung uga akeh guna paedahe. Upamane nalika jagong manten kae para santri utawa mbah Kyai nganggo sarung kok ya pantes. Uga bisa kanggo kemul nalika turu utawa yen lagi nuju udan rimis-rimis, kemulan sarung karo mbakar jagung…”uwenaaak tenan”.
Ora merga pantese, ora merga uwenaake!
Nganggo sarung iku dadi gambaran lan pralambange pemrentah wektu saiki. Ing akhir-akhir iki, pemrentah kerep bingung kaya ngadhepi buah Si Malakama. Yen dipangan bapak mati, yen ora dipangan ibu mati. Bingung ta? Ya diemut wae ya?
Kok bingung jlentrehe kepriye?
Wong nganggo sarung iku kudu ngati-ati aja sembrana parikena. Nganggo sarung kudu sing singset padhet. Merga yen ora singset padhet bakal bisa cilaka. Sarung iku diunggahake ngisor ketok, yen diudhunake malah ….ketok ta? Mula aja disalahake nalika Lik Darno ngeculake tali perkutute merga eling kepengin nylametake sarung sing dienggo. Yen nganggo clana,…No Problem!
Semono uga, wong nyekel pemrentahan iku kadi dene wong nganggo sarung. Yen ora ngati-ati, ora kenceng anggone nyekel panguwasa bakal nuwuhake dahuru werna-werna. Akhire gawe kapitunan lan wirange kabeh para kawula sanagara. Kadi dene sarung mau, pemrentah gawe kebijakan ngene … padha disaruwe. Pemrentah gawe kebijakan ngono … padha didhemo. Apa ora bingung? Wis dadi kodrate, yen ana kebijakan iku mesthi ana sing rumangsa diuntungake lan ana sing rumangsa dirugekake. Sing diuntungake iku sing pro pemrentah dene sing dirugake dadi kontra karo pemrentah.
Elinga, sing pro aja dadi nggembelo gedhe sirahe. Dene sing kontra ya aja terus gawe ada-ada sing bisa gawe ringkihe Negara. Kebijakan sing ditetepake pemrentah yen pancen becik, ayo disengkuyung bebarengan. Dene kok ora cocok, mangga dikritisi kanthi cara kang trep! Supaya nagara kita dadi nagara kang kuncara, tata tentrem karta raharja. Kareben ora diede-ede karo nagara liya.
Semono uga para nayaka kang ngasta pusaraning praja muga tansah pinayungan ing Hyang Murba Amisesa anggenipun yasa kebijakan tansah nengenake kepentingan kesejahteraane para kawula. Aja nganti amung nengenake golongan lan klompoke dhewe.
Ayo disengkuyung lan diterusake Program Empat Pilar sing wis cetha lan nyata! Warga sing ora duwe dhuwit bisa sekolah nganti tekan SMA gratis. Yen lara berobat mara rumah sakit ora mbayar. Dalan-dalan nganti tekan ndesa-ndesa wis dihotmig. Ekonomi masyarakat meningkat drastis. Apa isih durung kepenak? Para wasis ngendika: Ngurupake(ngijolake) woh karo kembang. Tegese ninggalna kanca lawas, nyedhaki kanca anyar sing during mesthi becik. Matur nuwun



2 komentar:

  1. thanks bro for this information, visit back to Download Ebook Gratis, god bless you :)

    BalasHapus
  2. Subhanallah. Bagus, menurut saya, hahaha, hem :)

    BalasHapus