( SING NULIS: MUTAQIN GURU BASA JAWA SMP 2 PAMOTAN )
Nuwun.
Menawa ngrembug babagan omah-omah, tembung bibit-bobot-bebet mono minangka tetimbangan kang wigati banget tumrape wong Jawa. Ing buku Pawiwahaning Agesang karyane Tiknopranoto ( 1961 ) ngandharake menawa tembung bibit iku tegese nimbang calon sisihan utawa ‘pendamping hidup’ kang sesambungan karo bab keturunane sapa, nandhang lelara kang mbebayani apa ora ( upamane; rajasinga ‘sipilis’, majer ‘mandul’, gulanen ‘kencing manis’) lan liya-liyane. Bobot ateges nenimbang babagan pendhidhikan, pangkat, lan drajat. Dene bebet nduweni teges nenimbang sipat,watak, lang tingkah laku.
Ki Hajar Dewantara ( 1937 : 32 ) ngandharake menawa tembung bibit-bobot- bebet mono minangka wejangane wong tuwa (Jawa) marang anake sing arep golek sisihan ‘pendamping hidup’. Bibit tegese calon sing dipilih kudu sehat lair lan batine. Bobot tegese calon sing dipilih kudu nyata-nyata ‘berbobot’, ‘bernilai’, lan budi pekertine luhur. Bebet tegese keturunane wong sing apik lan duwe pengaruh status sosial sing gedhe, upamane tokoh keagamaan utawa ksatria.
Miturut Gericke en Roorda, bibit-bobot-bebet saka tembung bibit kang tegese winih; bobot kang tegese dharah, keturunan, lan asal-usul; lan bebet sing tegese kasugihan, raja brana, drajat sarta pangkat, lan kapinteran ( Rochyatmo, 1999:63).
Yen Serat Centhini nerangake menawa wanita sing arep didadekake sisihan urip iku kudu tetimbangan : (1) bibit, ayu lan pinter, (2) bobot, kudune milih wanita sing asli (keturunane bapak) kanthi 7 peprincen, yaiku: (a) keturunane wong pangkat, (b) keturunane wong ngalim, (c) keturunane wong sing ahli tapa, (d) keturunane sarjana (wong sing duwe ngelmu) lan wicaksana, (e) keturunane wong sing pinter ing samubarang, (f) keturunan prajurit, lan (g) keturunane wong sing wekel nyambut gawe ‘rajin’; (3) bebet, tegese bapake bocah wadon kudu sing supudya, sugih bandha, lan loma ‘dermawan’
Konsep bibit-bobot-bebet nuwuhake maneka warna panyakrabawa utawa penafsiran. Serat Warayagnya karyane KGPAA Mangkunagara IV pupuh Dhandhanggula pada sanga nyebutake mangkene:
Mula ora gampang wong arabi,
Kudu milih wanodya kang kena,
Ginawe rewang uripe,
Sarana ngudi tuwuh,
Myang ngupaya kang sandhang bukti,
Wewilangane ana,
Catur upayeku,
Yogyane kawikanan,
Dhingin bobot pindho bebet katri bibit,
Kaping pat tatariman.
Jarwane :
Mula, ora gampang wong rabi, kudu milih wanita kang bisa dadi kanca
urip kanthi cara ngupaya golek sandhang pangan, yaiku ana patang
perkara kang kudu dingerteni. Kapisan kasugihan, kapindho drajat, katelu
keturunan, lan kapate peparingan saka ratu (tatariman).
Tembung tatariman iku tegese wanita peparingan saka ratu utawa tilas garwane ratu. Kanthi pangajab ‘ngalap berkah’ saka wong kang duwe panguwasa. Jaman biyen wong kang oleh tatariman ora rumangsa nistha, malah suwalike rumangsa dikasehi dening ratu gustine.
Tetimbangan telung perkara ing dhuwur ing jaman saiki
Nuwun.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar